Sabtu, 17 Februari 2018

MIN KHOSOIS ROMADHON


الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Sampun sepatutipun kulo panjenengan sami ngunjukake raos bungah syukur wonten ngarso dalem Alloh SWT ingkang kanti kani’matanipun kito sami pinanggih wonten sasi Romadhon, sasi ingkang tansah dipun rantos dening sedoyo kawulanipun Alloh SWT kangge dalan ngeparek marang Alloh, sasi ingkang dipun beber sedoyo rohmat lan pangapuraning Alloh SWT. Bukti syukur kulo panjenengan sami inggih meniko kito sesarengan nindaake amalan2 ingkang sahe wonten sasi meniko, awit saking Sholat berjamaah, puoso wonten rinaning sasi meniko, maos AlQur’an, ngatah2ake sodaqoh, dedungo, nderek sholat tarowih wonten ing wenginipun sasi meniko lan sakpanunggalipun. Milo kito tansah dedungo mugio saged pinaringan sehat lan kekiatan kangge nutukaken sedoyo ibadah wajib ugi sunnah wonten lebeting sasi Romadhon meniko, sahinggo kalebetaken kalian Alloh dados kawulanipun ingkang Taqwo. Aamiin
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Rosululloh SAW sampun paring katerangan dumateng kulo panjenengan sami bilih wonten sasi Romadhon, Alloh SWT paring kaistimewaan 5 perkawis kangge ummatipun Rosululloh SAW ingkang mboten nate dipun paringake dumateng Nabi lan Ummat sakderengipun ummat Rosululloh SAW, kanti dawuhipun Rosul :
أعطيت أمتي في شهر رمضان خمسا لم يعطهن نبي قبلي أما واحدة : فإنه إذا كان أول ليلة من شهر رمضان ينظر الله عز وجل إليهم ومن نظر إليه لم يعذبه أبدا, وأما الثانية : فإن خلوف أفواههم حين يمسون أطيب عند الله من ريح المسك, وأما الثالثة : فإن الملائكة تستغفر لهم في كل يوم وليلة, وأما الرابعة : فإن الله عز وجل يأمر جنته فيقول لها : استعدي وتزيني لعبادي أوشك أن يستريحوا من تعب الدنيا إلى دار كرامتي وأما الخامسة : فإنه إذا كان اخر ليلة غفر الله لهم جميعا. فقال رجل من القوم أهي ليلة القدر ؟ فقال : لا, ألم تر الى العمال يعملون فإذا فرغوا من أعمالهم وفوا أجورهم.
Rosulullooh SAW dawuh : Ummatku diparingi Alloh ono ing wulan Romadhon rupo 5 perkoro kang durung tahu diparingke marang Nabi sakdurungku: siji : Naliko ono kawitan wulan Romadhon Alloh bakal mirsani lan merhatosake marang ummatku, lan sopo kang dipirsani Alloh moko deweke ora bakal disikso selawase, Kapindo : saktemene owahe gandane nafas ummatku kang puoso naliko mlebu sore iku luwih nyenengke marang Alloh tinimbang gandaning kesturi, Telu : poro Malaikat podo jalukake sepuro kanggo Ummatku saben rino lan wengi, Papat : Gusti Alloh perintah marang suwargi kanti dawuhipun : siap2 lan pepaeso sliramu suwargo kanggo kawulaKu supoyo ngaso soko kesele dunyo tumuju marang kahormatanKu, limo : saktemene naliko akhir wengi Romadhon, Alloh SWT paring pangapuran marang ummatku sekabehe. Banjur ono siji shohabat matur : duh Gusti Rosul menopo meniko wau wengining Lailatul Qodar? Dipun jawab dening Kanjeng Nabi : ora, balik onoto weruh sliramu yen poro pegawe iku bakal diwenehi upah sak bubaring deweke mergawe?
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Saking hadis Rosululloh SAW meniko sampun jelas bilih Alloh SAW meniko mulyaaken lan merhatosaken saestu dumateng sedoyo kawulanipun ingkang sami nindaake puoso ing sasi Romadhon. Ageng sanget anggenipun Alloh paring kekhususan kangge kawulanipun wonten sasi Romadhon meniko. Milo sampun dados kewajiban kawulo panjenengan sami kangge sesarengan ngginaake wekdal kanti sak sahe2nipun, sampun ngantos rino dalu kulo panjenengan sami ing sasi meniko lumampah tanpo tambahing ganjaran saking Alloh, sampun ngantos rino dalu ing sasi meniko cacat kanti amalan2 ingkang awon. Paling mboten cekap puoso kulo panjenengan sami puniko kito jagi saking perkawis ingkang saged mbatalake, banjur dipun tambah kanti amalan sunnah ingkang sampun dados adat ummat Islam wonten pundike mawon inggih puniko Sholat Tarowih.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Sedoyo wau keranten wekdal ing sasi Romadhon meniko, gampil sanget kangge kulo panjenengan sami pados tambahan ganjaran, ngantos2 sarenipun tiyang ingkang puoso puniko kalebet ibadah menggahing Alloh SWT. Milo eman sanget menawi rino dalu ing sasi meniko lumampah tanpo amal sholeh. Ujung saking ngamal sholeh kulo panjenengan sami ingkang pokok inggih puniko supados medal soko Romadhon mangke, medal kanti leganing manah keranten saged ngabdi wonten ngarso dalem Alloh SWT lan medal kanti mbeto pangapuran saking Alloh SWT syukur saged mbeto pangleburan duso saking Alloh SWT. Sahinggo ing dintene riyadin, saestu kito nerampi piwales sahe saking Alloh SWT kalebet tiyang2 ingkang Taqwalloh.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Kejawi saking sedoyo wau, kulo panjenengan sedoyo mesti sami anggadahi angen2 engkang sahe, angen2 kangge awak piambak, angen2 kangge putro/putri, kangge keluargo, sedulur lan sakpanunggalipun, sampun ngantos wonten ing dinten2 kulo panjenengan puoso ing sasi Romadhon meniko, mboten ngaturake sedoyo angen2 kolowau marang Alloh SWT. Artosipun kulo panjenengan kedah mboten mantun2 ugi anggenipun dedungo nyuwun kesahenen wonten ngarsanipun Alloh SWT, kesahenan duniawi utawi kesahenan ukhrowi. Rosululloh SAW sampun nyebatake wonten hadisipun bilih wonten 3 golongan manungso ingkang mboten dipun tolak panyuwunipun marang Alloh SWT, lan antawisipun inggih puniko panyuwunipun kawulanipun Alloh SWT ingkang saweg nindaake puoso ngantos dumuginipun wayah buko.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Milo lewat mimbar puniko kawulo ngajak pribadi kawulo khususipun lan dumateng hadirin umumipun monggo sesarengan mumpung wonten ing dinten2 sasi Romadhon, kito isi dinten2 kulo panjenengan sami kanti amal sholeh, Puoso, Tarowih, Tadarus AlQur’an, Shodaqoh, Qiyamullail lan dedungo wonten ngarsanipun Alloh SWT.
Sekedik khutbah ing Jum’at meniko mugi manfaati dumateng kulo panjenengan sami sak keluargo, lan sumrambah sedoyo Ummat Islam Amin Ya Robbal ‘Alamin.
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم


0 komentar:

Posting Komentar