Senyum Itu Sedekah.

Syukur merupakan kualitas Hati yang terpenting. dengan berSyukur kita akan diliputi rasa Damai, Tenteram dan Bahagia.

Alloh is Love Us

ada keCintaan Alloh yang akan terbuka dibalik semua ujian-Nya.

Persahabatan itu Indah

Persahabatan bagaikan sekotak Crayon, berbeda-beda dan penuh warna. tapi jika mereka bersama, mereka dapat membuat Pelangi yang Indah.

Keteguhan Modal Keberhasilan

Anak Muda yang Kreatif tidak lama mengeluh dalam kesulitan. Dia cepat menemukan cara mengatasi kesulitan.

...

.....

Sabtu, 23 Desember 2017

MUHARROM


الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipun mulyaaken dening Alloh Subhanahu wa Ta’ala langkung rumiyen monggo kito tansah ambagusi anggenipun kito nglampahi wasiyat Taqwalloh, inggih meniko kelawan ikhlas nglampahi perkawis ingkang dipun ridhani Alloh lan nebihi perkawis ingkang mboten dipun ridhani dening Alloh. Mugi-mugi lantaran kito tansah nglampahi estu wasiyat Alloh meniko kito dipun dadosaken kalian Alloh termasuk golongan ingkang nerampi warisan Alloh arupi Suwargo wonten ing akhirat Amin ya Robbal ‘Alamin.
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Gusti Alloh wonten Al qur’an ndawuhaken :
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِندَ اللّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْراً فِي كِتَابِ اللّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَات وَالأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلاَ تَظْلِمُواْ فِيهِنَّ أَنفُسَكُمْ وَقَاتِلُواْ الْمُشْرِكِينَ كَآفَّةً كَمَا يُقَاتِلُونَكُمْ كَآفَّةً وَاعْلَمُواْ أَنَّ اللّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ -٣٦
“saktemene wilangane piro2 wulan mungguhe Alloh iku 12 wulan ingdalem ketetapane Alloh ing dinane nyiptaake langit lan bumi, songko 12 iku ono 4 wulan hurum, mengkono iku (ketetapane) agomo kang lurus, moko ojo gawe anioyo sliramu kabeh ing jerone, lan merangono siro ing wong musyrik kabeh koyo olehe dewekne merangi sliramu kabeh lan weruho sliramu saktemene Alloh iku asartane kang podo taqwo” (Q.S At Taubah : 36)
4 sasi wonten Alqur’an inggih puniko Dzul Qu’dah, Dzul Hijjah, Muharrom lan Rojab.
Milo poro hadirin Alhamdulillah dinten meniko kito saged pinanggih kelawan wulan ingkang mulyo inggih puniko Muharrom (suro). Suro kawastanan wulan mulyo keranten suro dipun jenengi kalian Nabiyyulloh Muhammad SAW kelawan jeneng Syahrulloh (wulane gusti Alloh). Ing mriki kito mangertosi bilih mboten wonten perkawis ingkang dipun sandaraken kelawan Asmane Alloh kejawi perkawis meniko perkawis ingkang mulyo, kados dene Baitulloh wonten Makkah. Rosululloh dawuh :
أفضل الصلاة بعد المكتوبة الصلاة في جوف الليل الأوسط وأفضل الشهور بعد شهر رمضان المحرم وهو شهر الله الأصم
“paling utamaning sholat saksampune sholat fardu inggih puniko sholat sunnah tengah dalu (tahajjud) lan paling utamaning wulan saksampune wulan Romadhon inggih puniko wulan Muharrom, wulane gusti Alloh kang Al asomm (ora krungu)”
Jama’ah Jum’ah Hafidzokumulloh
Muharrom / Suro kawastanan wulan al asomm keranten saking bangete kamulyaanipun, sehinggo wonten lebeting wulan meniko mboten diparengaken agawe pilaran lan dhzolim, nanging langkung saking meniko wonten lebeting wulan ingkang mulyo di anjuraken kangge kito sedoyo katah nindaake amalan2 ingkang sahe. Termasuk agung2e amalan sholeh sunnah kangge ngurip2i wulan mulyo meniko inggih meniko As Shiyaam (puoso). Puoso saklebete wulan soru meniko wonten 2 : sepindah puoso umum, kapeng 2 puoso khusus. Puoso umum meniko sunah dilampahi wonten sakwulan nutuk wonten wulan suro meniko, awit saking tanggal 1 suro ngantos akhiripun dintene suro. Milo kangge sintenke mawon tiyang Islam ingkang bade nglampahi puoso sakwulan utawi separo wonten suro meniko dipun sumanggaaken lan dipun parengaken. Sawijining dinten wonten Rojul sowan lan matur marang Kanjeng Nabi :
يارسول الله أخبرني بشهر أصومه بعد شهر رمضان..
Duh gusti rosul, mugi paring kabar panjenengan ing kulo kelawan 1 wulan kang kulo diparengake poso saksampune wulan Romadhon..
Banjur dijawab kalean Nabi :
إن كنت صائما شهرا بعد رمضان فصم المحرم وفيه يوم تاب الله فيه على قوم ويتوب على أخرين
“Nalikane puoso siro ing sakwulan sakwise Romadhon moko posoo siro ing wulan Muharrom, lan ingdalem wulan iku ono dino kang Gusti Alloh nerimo marang taubate siji kaum lan nerimo marang taubate kaum kang liyo”
Jama’ah Jum’ah Hafidzokumulloh
Ningali hadis meniko berarti sampun jelas bilih dipun parengaken dumateng tiyang Islam puoso pinten2 dinten wonten lebeting wulan Muharrom / Suro, menopo seminggu, 2 minggu utawi 1 wulan. Nah meniko ingkang kawastanan Puoso Umum.
Wonten hadis Kanjeng Nabi ugi dawuh bilih saklebeting wulan suro, wonten dinten ingkang Gusti Alloh sampun nerampi taubate 1 kaum lan kaum ingkang liyo. Dinten meniko mboten sanes dinten tanggal 10 Muharrom. Milo tiyang jawi ngarani dinten suro utawi ‘asyuro ingkang artosipun tanggal 10 Muharrom. Katah keterangan ingkang nerangaken keagunganipun dinten meniko, antawisipun : ing dinten meniko Gusti Alloh nerampi taubatipun Nabiyyulloh Adam AS, taubatipun Kaumipun Nabiyyulloh Yunus AS, ing dinten meniko ugi Gusti Alloh perintah marang Nabiyyulloh Musa AS supados kaumipun taubat ing 10 kawitan wulan Suro, Gusti Alloh ugi paring kemenangan dateng Nabiyyulloh Musa AS saking kejaran Fir’aun lan bala tentaranipun, ugi dinten meniko Alloh ngendegaken perahunipun Nabiyyulloh Nuh AS wonten Gunung Judiy sahinggo Nabiyyulloh Nuh AS lan sedoyo umatipun selamet saking banjir adzab.
Jama’ah Jum’ah Hafidzokumulloh
Keranten agungipun kamulyaan tanggal 10 Muharrom meniko sedoyo umatipun poro Nabi sakderengipun Nabi Muhammad SAW sami nglampahi puoso ing dinten meniko termasuk kaum yahudi ugi kaum jahiliyah quraisy.
Nabiyyulloh Muhammad SAW ugi maringi contoh dumateng ummatipun puoso wonten dinten meniko. Mboten nate kanjeng Nabi ninggalaken puoso dinten meniko. Kanjeng Nabi ugi nyuwun dumateng Alloh SWT kangge puoso Arofah Alloh supados nglebur duso alit 1 tahun kalampah lan 1 tahun bade kalampah, kangge puoso Asyuro supados Alloh nglebur duso alit 1 tahun sampun kalampah. Milo poro hadirin, kito sedoyo sampun faham bilih mboten wonten pangarepanipun kanjeng Nabi ingkang mboten kinabulan. Sedoyo mesti kinabulan lan di ridoi Alloh SWT. Lan insya Alloh sinten mawon tiyang Islam ingkang purun nglampahi puoso Asyuro meniko bakal dipun lebur duso alitipun 1 tahun ingkang sampun kalampah. Milo monggo kito ingkang sampun mangertosi pangertosan meniko, kito nderek nglampahi puoso Asyuro ingkang Insya Alloh bade dumugi benjeng dinten seloso tgl 6 desember ngajeng. Kelawan niat mugi2 Alloh pareng kito panglebur duso ugi paren kerohmatan dumateng kito lan keluarga kito sedoyo. Amin. Puoso Asyuro menikolah ingkang kawastanan puoso khusus wonten wulan suro meniko.
Al asr
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم