Senyum Itu Sedekah.

Syukur merupakan kualitas Hati yang terpenting. dengan berSyukur kita akan diliputi rasa Damai, Tenteram dan Bahagia.

Alloh is Love Us

ada keCintaan Alloh yang akan terbuka dibalik semua ujian-Nya.

Persahabatan itu Indah

Persahabatan bagaikan sekotak Crayon, berbeda-beda dan penuh warna. tapi jika mereka bersama, mereka dapat membuat Pelangi yang Indah.

Keteguhan Modal Keberhasilan

Anak Muda yang Kreatif tidak lama mengeluh dalam kesulitan. Dia cepat menemukan cara mengatasi kesulitan.

...

.....

Minggu, 04 Desember 2022

NIRU PERILAKUNE ULAMA’


NIRU PERILAKUNE ULAMA’

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..

قال الله تعالى : يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال

Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo

Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Gusti Alloh dawuh wonten Al Qur’an Surat Fathir : 28 :

... إِنَّمَا يَخۡشَى ٱللَّهَ مِنۡ عِبَادِهِ ٱلۡعُلَمَٰٓؤُاْۗ ... ٢٨

...setuhune wong kang wedi marang Alloh songko kawula-Ne yoiku mung Ulama...

Wonten ayat meniko dipun dawuhaken bilih termasuk sifatipun poro Ulama inggih puniko anggadahi roso wedi marang Alloh SWT. Roso wedi marang Alloh benten sanget kalihan roso wedi mara Makhluq, menawi roso wedi marang Alloh puniko bakal nuwuhake cedak lan tresno, ananging wedi marang makhluq justru bakal nuwuhake adoh lan sengit. Mulo saestu kulo panjenengan sami wonten pagesangan puniko kedah anggadahi roso wedi marang Alloh SWT kadosdene poro ulama puniko, kagem nupreh kesahenan gesang wonten alam dunyo ugi wonten alam akhirat.

Selajengipun ugi wonten 3 sifat prilaku poro ulama ingkang kedah kulo panjenengan tiru, ingkang kasebat wonten ayat saklajengipun, inggih puniko :

إِنَّ ٱلَّذِينَ يَتۡلُونَ كِتَٰبَ ٱللَّهِ وَأَقَامُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَأَنفَقُواْ مِمَّا رَزَقۡنَٰهُمۡ سِرّٗا وَعَلَانِيَةٗ يَرۡجُونَ تِجَٰرَةٗ لَّن تَبُورَ ٢٩

Setuhune wong2 akeh kang podo moco Kitab Alloh lan jumenengake Sholat sarto nginfaake rizqi kang Ingsun anugerahake marang deweke kabeh sarono samar lan terang2an. Deweke kabeh podo ngarepake dagangan kang ora bakal rugi.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

3 sifat prilaku poro ulama ingkang kasebat ing ayat kolowau inggih puniko :

1. bilih poro ulama puniko seneng lan istiqomah maos Al Qur’an. Sahinggo Al Qur’an puniko kagem wiridan saben dintenipun, Kengeng nopo? Keranten Al Qur’an puniko dawuh lan firmanipun Alloh SWT, lan ugi keranten Al Qur’an puniko Mu’jizat Rosululloh ingkang paling ageng, ingkang bakal langgeng tumeko akhir mongso. Demene tiyang marang Al Qur’an puniko dados ukuran demene deweke marang Alloh lan Rosulipun, kadosdene dawuhipun Kanjeng Nabi :

من أحب أن يحبه الله ورسوله فلينظر, فإن كان يحب القران فهو يحب الله ورسوله

Sopo wonge kang demen den demeni dening Alloh lan Rosule moko becik deweke ndeleng, lamun deweke demen marang Al Qur’an moko deweke demen marang Alloh lan Rosule.(HR Thobaroni)

Kanti istiqomah rutin maos lan ugi ngaji isi saking Al Qur’an moko estu Alloh ugi bakal paring ganjaran ingkang tamtunipun ageng sanget. Kadosdene dawuhipun Alloh wonten ing hadisipun Rosululloh SAW :

من شغله القران وذكري عن مسألتي أعطيته أفضل ما أعطي السائلين

Sopo wonge kang ketungkul (sibuk) kelawan Al Qur’an dan dzikir marang Ingsung hinggo deweke lali utowo ora sempet njaluk marang Ingsung, moko temenan bakal Ingsung wenehi opo kang luwih utomo tinimbang perkoro kang Ingsun wenehake marang kawulaKu kang podo jaluk... HR. Turmudzi

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

2. inggih puniko bilih poro Ulama puniko demen nindaake Sholat, minongko sarono kagem sowan marang Alloh SWT ing saben dintenipun. Sahinggo lumantar Sholat ingkang dipun tindaake puniko poro ulama sansoyo cedak dateng Alloh SWT. Langkung2 poro ulama puniko naliko nindaake Sholat 5 wekdal, sampun tamtu nindaake sarono berjamaah. Menawi nindaake Sholat2 sunnah kadosdene Tahajjud, Dhuha lan sanes2ipun, piambake nindaake kanti nemen2i anggenipun khusyu, hudhur lan tadhorru’, ndepe2 dateng Alloh SWT.

3. inggih puniko bilih poro ulama anggadahi sifat / perilaku loman dateng sedoyo makhluq. Perilaku loman puniko kejawi keranten nedaahake ketaatan dateng Alloh SWT ugi keranten Rosululloh SAW ugi banget lomane dumateng sedoyo makhluq ugi. Kanugrahan nopo mawon ingkang dipun paringake Alloh dateng poro ulama sedoyo dipun ginaake kagem perjuangan sabiilillah, awit saking bondo, ilmu, kekiatan, waktu, papan lan nopo mawon,, sedoyo kagem kemashlahatan sabiilillah. Piambake langkung ngriyenake tiyang sanes katimbang awake. Senajan piambake saweg nandang susah.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

3 sifat / perilaku punikolah ingkang temempel wonten jiwo poro ulama, sahinggo ing ayat selajengipun, Alloh janji bakal paring 3 perkawis dateng poro ulama utawi sinten mawon ingkang niru2 nindaake 3 perilaku puniko : ing antawisipun 1). Tijaarotan lan tabuur, Alloh paring tabungan ganjaran ageng wonten dunyo lan akherat ingkang mboten wonten rugine. 2). Liyuwaffiyahum ujuurohum, Alloh paring ganti / walesan kesahenan kanti sampurno mboten cacat babar pisan. 3). Wayaziiduhum min fadhlih, Alloh paring tambahan kanugrahan ageng wonten dunyo lan akhirat. Lan mboten wonten kanugrahan ageng ingkang ngungkuli kanugrahan saking Alloh SWT.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Cekak aosipun poro hadirin, sifat / perilaku ulama ingkang Alloh sebat wonten AlQur’an kolowau inggih puniko : Poro Ulama anggadahi Khosyah (wedi marang Alloh), demen lan rutin maos Al Qur’an, demen lan sregep anggenipun berjamaah Sholat 5 wekdal ingkang katambah kanti Sholat2 sunnah lan selajengipun seneng nginfaake nopo mawon ingkang dipun anugrahake Alloh marang piambake.

Mulo ing mriki kulo panjenengan sami, monggo sami niru2 sifat lan perilakunipun poro ulama ingkang kagambar ing AlQur’an kolowau supados ugi kulo panjenengan sami pikantuk janji Alloh SWT ingkang kasebat kolowau.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Mekaten sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugio saged nambahi wawasan pangertosan kulo panjenengan sami lan mugi paring manfaat kagem sedayanipun Aaamiin Yaa Robbal ‘aalamiin.

العصر...

بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم

 

 

Sabtu, 26 November 2022

USAHA PERJUANGAN KANGGO BUKA KEBERHASILAN

 

NEMEN-NEMENI USAHA PERJUANGAN

KANGGO BUKA DALAN KEBERHASILAN

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..

قال الله تعالى : يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال

Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo

Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Alloh SWT sampun dawuh wonten Al Qur’an Surat Al Angkabut : 69

وَٱلَّذِينَ جَٰهَدُواْ فِينَا لَنَهۡدِيَنَّهُمۡ سُبُلَنَاۚ وَإِنَّ ٱللَّهَ لَمَعَ ٱلۡمُحۡسِنِينَ ٦٩

“lan wong-wong kang podo temen (berjuang) ono ing dalan Ingsun, moko temen yektine bakal Ingsung duduhke dalan Ingsun. Lan setuhune Alloh asartane wong-wong kang podo agawe bagus”

Kata-kata Jihad utawi Mujahadah menawi coro bahasa inggih puniko “temenanan nedahake kabeh kemampuan kanggo merkoleh opo kang den karepake”

Mulo umume kulo panjenengan mahami jihad kanti istilah “berjuang”

Berjuang wonten ing ayat kolowau inggih puniko berjuang ono ing dalane Alloh SWT. Artosipun puniko katah sanget werninipun : saged arupi Perang ngelawan kaum kuffar, saged arupi ngistiqomahake amaliah ibadah, luru ilmu, mulang, mimpin masyarakat, dakwah, ndidik anak, amaliah sosial lan sak panunggalipun. Sedoyo kasebat kolowau bakal pikantuk janji saking Alloh SWT “lanahdiyan nahum subulana” inggih puniko bakal dipun paringi pitedah dalan keberhasilan saking Alloh SWT, artosipun tiyang puniko bakal dipun tuntun dening Alloh SWT ingdalem usaha lan perjuanganiun.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Nanging nyatanipun mboten sekedik saking kulo panjenengan sami ingkang sampun ngaku merjuangake setunggal perkawis, punopo ingkang dados Pemimpin, dados Guru, dados orang tua, dados Pebisnis, dados Pejabat lan sanes2ipun puniko mboten pikantuk keberhasilan, mboten tinemu kelawan angen2 kang den karepake, mboten pikantuk keuntungan utawi malah tinemu roso kegagalan lan sakpanunggalipun.

Padahal menawi ningali Janji Alloh SWT “lanahdiyan nahum subulana” kolowau mestinipun tiyang puniko pikantuk tuntunan Alloh SWT lan den paringi keberhasilan ingdalem perjuanganipun.

Wonten mriki kulo panjenengan kedah sami koreksi awak piambak2, mboten mungkin Alloh SWT bakal nulayani janji dumateng sedoyo makhlukipun.

Saged dipun cobi kulo panjenengan sami ningali sejarah poro tokoh2 zaman rumiyen ingkang sampun sami2 berjuang lan tinemu keberhasilan sarono dipun tuntun dening Alloh SWT.

Kadosdene contoh Ibunda Imam Malik kalian Imam Syafi’i ingkang mati2an merjuangake putranipun ingdalem babagan akhlaq lan ilmu, sahinggo putro2 kolowau kadadosake Ulama2 panutan kaum Muslimin.

Lajeng Shohabat Usman bin Affan kalian Abdurrohman bin Auf sampun kanti sestu merjuangake bisnis lan sosialipun sahinggo keberhasilanipun saged dipun raosake ngantos dumugi saat puniko.

Lajeng Sultan Muhammad Al Fatih, kanti perjuanganipun kepengin mlebet hadisipun Kanjeng Nabi ingkang saged naklukaen Negri Qonstotiiniyyah. Mulo kanti perjuanganipun puniko piambake saged berhasil naklukake Negri Konstantinopel.

Lan katah sanget tokoh2 ingkang sanes kados dene : Ibnu Sina, Al Khowarizmi, Al Jabbar, Ibnu Arobi lan sanes2ipun.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Lafadz “fiinaa” wonten ing ayat ing nginggil kolowau punikolah ingkang ndasari keberhasilan saking poto tokoh2 pejuang kolowau. Artosipun ingdalem perjuangan kulo panjenengan sami ingdalem ngersaake kesahenan nopo mawon kedah linambaran totoatur, totocoro lan kekuatan ilahiyah, kekuatan saking Alloh SWT. Ing antawisipun wonten 3 prinsip pokok ingkang kedah kulo panjenengan tanam ingdalem sedoyo usaha perjuangan kulo panjenengan sami inggih puniko :

1. Rooghiban, semangat. Artosipun kulo panjenengan ingdalem merjuangake utawi ngusahaake nopo mawon kedah semangat, kedah nggadahi roso seneng nandangi usaha puniko. Kerantren saking semangat punikolah sedoyo proses bakal lumampah lan mboten bakal mandeg. Sedoyo alangan lan rintangan bakal dipun adepi kanti sabar keranten hakikatipun rintangan puniko awal saking dalane keberhasilan. “inna ma’al ‘usri yusro”  saktemene bebarengan kelawan susah iku ono kesenengan. Lajeng nomer

2. inggih puniko Shoodiqon. Jujur, Temen lan Serius ingdalem ngayahi sedoyo prosesipun. Keranten keberhasilan mboten bakal dipun perkoleh dening tiyang2 ingkang curang. Kanjeng Nabi dawuh wonten riwayat Imam Muslim : “Aflaha in Shodaq” Mesti Berhasil lan untung deweke lamun Jujur.

Jujur wonten mriki, jujur ingdalem sedoyo pengucap lan tumindak. Mboten nyalahi aturan2ipun Alloh SWT. Keranten sedoyo kejujuran bakal nuntun marang kesahenan lan kesahenan bakal nuntun marang Suwargo (utawi) keberhasilan.

‘Alaikum bis Shidqi, fa innas Shidqo Yahdi ilal birri, wa innal birro Yahdi ilal Jannah. HR. Bukhori Muslim. Lan prinsip ingkang nomer 3 ingdalem ngayahi perjuangan inggih puniko :

3. Mukhlishon lillaah. Ikhlas namung kerono Alloh SWT. Mboten karono Dunyo, Pangkat Jabatan, Kemasyhuran lan sak panunggalipun.

Ikhlas punikolah ingkang dados nyawane sedoyo perjuangan / ibadah kulo panjenengan sami. Naliko Perjuangan utawi Amal ibadah kulo panjenengan dipun barengi kanti ikhlas lillah mongko sedoyo kang den karepake bakal dados nyoto lan saged karaosake berkahipun.

Man Akhlaso lillaah, dhzoharot barokatu atsarih. Sopo wonge kang ikhlas ingdalem usaha ibadah lan perjuangan, moko bakal nampak keberkahan soko labet usaha ibadah lan perjuangane mau.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Mekaten sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugio saged nambahi wawasan pangertosan kulo panjenengan sami kagem ngayahi proses usaha ibadah lan perjuangan merjuangake sedoyo cita-cita kulo panjenengan sami. Sahinggo sedoyo ingkang ka angen2ake saged wujud lan mbeto kaberkahan ing pagesangan puniko Aaamiin Yaa Robbal ‘aalamiin.

العصر...

بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم

 

Selasa, 15 Februari 2022

GOLONGAN MANUNGSO ONO ING AL QUR’AN

 


GOLONGAN MANUNGSO

ONO ING AL QUR’AN

 

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..

قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال

Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo

Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Wonten Al Qur’an manungso puniko wonten 3 golongan, inggih puniko Golongan Tengen (Ash-habul Maymanah), Golongan Kiwo (Ash-haabul Masy-amah) lan Golongan As Sabiqun.

3 golongan puniko sedoyo kasebat wonten Surat Al Waqi’ah ayat 7-14

 وَكُنتُمۡ أَزۡوَٰجٗا ثَلَٰثَةٗ ٧ فَأَصۡحَٰبُ ٱلۡمَيۡمَنَةِ مَآ أَصۡحَٰبُ ٱلۡمَيۡمَنَةِ ٨ وَأَصۡحَٰبُ ٱلۡمَشۡ‍َٔمَةِ مَآ أَصۡحَٰبُ ٱلۡمَشۡ‍َٔمَةِ ٩  وَٱلسَّٰبِقُونَ ٱلسَّٰبِقُونَ ١٠  أُوْلَٰٓئِكَ ٱلۡمُقَرَّبُونَ ١١ فِي جَنَّٰتِ ٱلنَّعِيمِ ١٢  ثُلَّةٞ مِّنَ ٱلۡأَوَّلِينَ ١٣ وَقَلِيلٞ مِّنَ ٱلۡأٓخِرِينَ ١٤

1. Ash-haabul Maymanah (golongan tengen) inggih puniko golongan tiyang2 ingkang anggadahi kaimanan dateng Alloh, ananging tasih kacampur kanti kema’shiyatan2, utawi terkadang kema’shiyatanipun ngungkuli ka-imananipun. Sinaoso kados mekaten nanging nyatanipun Alloh tesih dawuh Maa Ah-haabul Maimanah (duh mulyane golongan tengen iku). Keranten golongan tengen puniko tesih anggadahi kaimanan dateng Alloh SWT.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Saklajengipun, Ash-haabul Maymanah (tiyang ingkang anggadahi kaimanan) puniko ugi wonten 3 tingkatan : 1. Wonten ingkang Dzolimul Linafsih (nganioyo awak piambak), artosipun tiyang puniko iman, ananging piambake langkung remen dunyo tinimbang akhirat, remen nyedak dateng penguasa tinimbang dateng Alloh SWT, remen bergaul sesarengan tiyang ingkang awon tinimbang ingkang sahe. 2. Selajengipun tingkatan Muqtashid (sedengan utawi tengah2), artosipun tiyang puniko iman, ananging piambake tasih kabujuk howo nafsu, sahinggo sering dawah dateng kema’shiyatan2. Tingkatan Muqtashid puniko dipun sebabaken keranten piambakipun niyak2aken Sholat 5 wekdal, Sholatipun sarono aras2en, lan ugi terkadang ngakhiraken sholatipun. Tiyang ingkang Dzolimul linafsih kalian ingkang Muqtashid puniko benjang wonten alam akhirat sedoyo bakal ngalami hisab (penghitungan amal). 3. Lajeng wonten tingkatan Sabiqum bil khoirot, inggih puniko tiyang ingkang sami netepi Taqwalloh kanti sahe, tujuan utaminipun namung ndadosake sedoyo tindak lampahipun kangge pengabdian lan ibadah dateng Alloh SWT. Piambake punikolah ingkang mlebet suwargo tanpo hisab.

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

2. Golongan nomer 2 inggih puniko Ash-habul Masy-amah (Golongan kiwo), inggih puniko golongan ingkang babar pisan mboten nggadahi keimanan dateng Alloh SWT, golongane tiyang2 kafir utawi liyane Islam. Golongan kiwo puniko sampun jelas bilih tujuan gesangipun namung wonten Dunyo ke mawon, langkung milih dunia tinimbang akhirat. Lan benjang wonten alam akhirat sampun jelas bilih panggenanipun wonten Neroko. Kados dipun ceritaake dening Alloh SWT wonten Surat An Nazi’at ayat 37-39 :

فَأَمَّا مَن طَغَىٰ ٣٧ وَءَاثَرَ ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا ٣٨  فَإِنَّ ٱلۡجَحِيمَ هِيَ ٱلۡمَأۡوَىٰ ٣٩

“anapun wong kang ngliwati bates || lan ngutamaake pagesangan dunyo || moko temen neroko kuwi dadi panggonane”

3. Golongan manungso ingkang terakhir, ingkang dipun dawuhaken Alloh wonten Surat Al Waqi’ah inggih puniko Golongan As Saabiquun (golongan wong2 kang seneng lomba2 ingdalem amal sholeh, sahinggo piambake bakal ngrumiyini mlebet Swarganipun Alloh SWT).

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Sinten ingkang kalebet golongan puniko?

Poro ulama ndawuhaken bilih ingkang kalebet golongan puniko nuwun inggih : a. Poro Nabi, b. Tiyang2 ingkang rumiyen menangi Sholat madep qiblat 2 (Baitul Maqdis lan Ka’bah) lan c. Nuwun inggih tiyang2 ingkang cepet bali bertaubat sarto nindaaken amal sholeh.

Nabi Muhammad SAW paring gambaran ciri2 tiyang2 ingkang tumuju dateng naungan / ayupan Alloh wonten dinten Qiyamat kanti sabdanipun :

الذين إذا أعطوا الحق قبلوه وإذا سُئلوه بذلوه وحكموا للناس كحكمهم لأنفسهم

“yoiku wong2 kang naliko di paringi kebeneran deweke gelem nompo, lan naliko dijaluki hak e deweke ugo gelem menehake lan deweke nghukumi marang awake podo karo olehe deweke nghukumi marang wong liyo” (HR Ahmad)

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Gamblangipun golongan nomer 3 niki, golongan tiyang2 ingkang estu2 maksimal ingdalem nindaake kewajiban, paling awal mlebet wilayah kewajiban lan kefarduan, paling awal tindak dateng masjid, paling awal tindak dateng perjuangan mbelo agami Islam, kulino nindaake amal2an Sunnah, ngriyenaken hak2ipun Alloh lan Rosule, lan sakpanunggalipun.

Kangge tumuju dateng golongan ingkang nomer 3 niki mboten gampang, keranten nyatane kulo panjenengan sami gesang wonten ing alam dunyo puniko, ingkang pundi sedoyo rupo dunyo puniko saged nglaleake kulo panjenengan sami saking Alloh SWT.

Milo golongan As-Saabiquun puniko dipun nobatake dening Alloh SWT kanti sebatan Al-Muqorrobuun (golongan ingkang dipun parekake derajate wonten ngarsanipun Alloh SWT). Keranten kejawi sampun totalitas nindaake kados kasebat kolowau, golongan As-Saabiquun puniko sampun berhasil saking ngelawan howo nafsu, berhasil saking kekafiran, berhasil saking tipudoyo gumerlaping dunyo lan berhasil saking jebakan howo nafsu lan syaitan.

Keranten sanget abote kangge tumuju golongan As Sabiqun punikolah sahinggo Alloh nyriosaken wonten Al Waqi’ah ing ngginggil kolowau bilih :

 ثُلَّةٞ مِّنَ ٱلۡأَوَّلِينَ ١٣ وَقَلِيلٞ مِّنَ ٱلۡأٓخِرِينَ ١٤

“akeh2 e (As Sabiqun) iku soko wong2 kang ndisek || lan sitik soko wong2 kang akhir”

Milo saking katerangan puniko paling mboten kulo panjenengan sami tasih anggadahi kesempatan katah supados saged tetep wonten golongan nomer 2 inggih puniko golongan tengen (Ash-haabul Maymanah) ingkang tingkatan Sabiqum bil khoiroot (ingkang seneng nindaaken amal sholeh, punopo ingkang utawi ingkang sunnah).

Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh

Punikolah sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugi saged nambahing pangertosan lan saged sesarengan nindaaken. Sahinggo nambahing kaberkahan gesang kulo panjenengan sami fiddini wad dunya wal akhiroh. Amin ya Robbal ‘alamin

وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-

بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم