الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله
وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر
الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار
واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا
أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله
تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً
وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin Jama’ah
Jum’ah ingkang dipun mulyaaken dening Alloh Subhanahu wa Ta’ala langkung
rumiyen monggo kito tansah ambagusi anggenipun kito nglampahi wasiyat
Taqwalloh, inggih meniko kelawan ikhlas nglampahi perkawis ingkang dipun
ridhani Alloh lan nebihi perkawis ingkang mboten dipun ridhani dening Alloh.
Mugi-mugi lantaran kito tansah nglampahi estu wasiyat Alloh meniko kito dipun
dadosaken kalian
Alloh termasuk golongan ingkang nerampi warisan Alloh arupi Suwargo wonten ing
akhirat Amin ya Robbal ‘Alamin.
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Gusti Alloh wonten Al qur’an ndawuhaken
:
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِندَ اللّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْراً فِي
كِتَابِ اللّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَات وَالأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ
ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلاَ تَظْلِمُواْ فِيهِنَّ أَنفُسَكُمْ وَقَاتِلُواْ الْمُشْرِكِينَ
كَآفَّةً كَمَا يُقَاتِلُونَكُمْ كَآفَّةً وَاعْلَمُواْ أَنَّ اللّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ -٣٦
“saktemene wilangane piro2 wulan
mungguhe Alloh iku 12 wulan ingdalem ketetapane Alloh ing dinane nyiptaake
langit lan bumi, songko 12 iku ono 4 wulan hurum, mengkono iku (ketetapane)
agomo kang lurus, moko ojo gawe anioyo sliramu kabeh ing jerone, lan merangono
siro ing wong musyrik kabeh koyo olehe dewekne merangi sliramu kabeh lan weruho
sliramu saktemene Alloh iku asartane kang podo taqwo” (Q.S At Taubah : 36)
4 sasi wonten Alqur’an inggih puniko
Dzul Qu’dah, Dzul Hijjah, Muharrom lan Rojab.
Milo poro hadirin Alhamdulillah dinten
meniko kito saged pinanggih kelawan wulan ingkang mulyo inggih puniko Muharrom
(suro). Suro kawastanan wulan mulyo keranten suro dipun jenengi kalian
Nabiyyulloh Muhammad SAW kelawan jeneng Syahrulloh (wulane gusti Alloh). Ing
mriki kito mangertosi bilih mboten wonten perkawis ingkang dipun sandaraken
kelawan Asmane Alloh kejawi perkawis meniko perkawis ingkang mulyo, kados dene
Baitulloh wonten Makkah. Rosululloh dawuh :
أفضل الصلاة بعد
المكتوبة الصلاة في جوف الليل الأوسط وأفضل الشهور بعد شهر رمضان المحرم وهو شهر
الله الأصم
“paling utamaning sholat saksampune sholat
fardu inggih puniko sholat sunnah tengah dalu (tahajjud) lan paling utamaning
wulan saksampune wulan Romadhon inggih puniko wulan Muharrom, wulane gusti
Alloh kang Al asomm (ora krungu)”
Jama’ah
Jum’ah Hafidzokumulloh
Muharrom
/ Suro kawastanan wulan al asomm keranten saking bangete kamulyaanipun,
sehinggo wonten lebeting wulan meniko mboten diparengaken agawe pilaran lan dhzolim,
nanging langkung saking meniko wonten lebeting wulan ingkang mulyo di anjuraken
kangge kito sedoyo katah nindaake amalan2 ingkang sahe. Termasuk agung2e amalan
sholeh sunnah kangge ngurip2i wulan mulyo meniko inggih meniko As Shiyaam
(puoso). Puoso saklebete wulan soru meniko wonten 2 : sepindah puoso umum, kapeng
2 puoso khusus. Puoso umum meniko sunah dilampahi wonten sakwulan nutuk wonten
wulan suro meniko, awit saking tanggal 1 suro ngantos akhiripun dintene suro.
Milo kangge sintenke mawon tiyang Islam ingkang bade nglampahi puoso sakwulan
utawi separo wonten suro meniko dipun sumanggaaken lan dipun parengaken.
Sawijining dinten wonten Rojul sowan lan matur marang Kanjeng Nabi :
يارسول الله أخبرني
بشهر أصومه بعد شهر رمضان..
Duh
gusti rosul, mugi paring kabar panjenengan ing kulo kelawan 1 wulan kang kulo diparengake
poso saksampune wulan Romadhon..
Banjur
dijawab kalean Nabi :
إن كنت صائما شهرا بعد
رمضان فصم المحرم وفيه يوم تاب الله فيه على قوم ويتوب على أخرين
“Nalikane puoso siro ing sakwulan sakwise
Romadhon moko posoo siro ing wulan Muharrom, lan ingdalem wulan iku ono dino
kang Gusti Alloh nerimo marang taubate siji kaum lan nerimo marang taubate kaum
kang liyo”
Jama’ah
Jum’ah Hafidzokumulloh
Ningali
hadis meniko berarti sampun jelas bilih dipun parengaken dumateng tiyang Islam
puoso pinten2 dinten wonten lebeting wulan Muharrom / Suro, menopo seminggu, 2
minggu utawi 1 wulan. Nah meniko ingkang kawastanan Puoso Umum.
Wonten
hadis Kanjeng Nabi ugi dawuh bilih saklebeting wulan suro, wonten dinten
ingkang Gusti Alloh sampun nerampi taubate 1 kaum lan kaum ingkang liyo. Dinten
meniko mboten sanes dinten tanggal 10 Muharrom. Milo tiyang jawi ngarani dinten
suro utawi ‘asyuro ingkang artosipun tanggal 10 Muharrom. Katah keterangan
ingkang nerangaken keagunganipun dinten meniko, antawisipun : ing dinten meniko
Gusti Alloh nerampi taubatipun Nabiyyulloh Adam AS, taubatipun Kaumipun
Nabiyyulloh Yunus AS, ing dinten meniko ugi Gusti Alloh perintah marang
Nabiyyulloh Musa AS supados kaumipun taubat ing 10 kawitan wulan Suro, Gusti
Alloh ugi paring kemenangan dateng Nabiyyulloh Musa AS saking kejaran Fir’aun
lan bala tentaranipun, ugi dinten meniko Alloh ngendegaken perahunipun
Nabiyyulloh Nuh AS wonten Gunung Judiy sahinggo Nabiyyulloh Nuh AS lan sedoyo
umatipun selamet saking banjir adzab.
Jama’ah
Jum’ah Hafidzokumulloh
Keranten
agungipun kamulyaan tanggal 10 Muharrom meniko sedoyo umatipun poro Nabi
sakderengipun Nabi Muhammad SAW sami nglampahi puoso ing dinten meniko termasuk
kaum yahudi ugi kaum jahiliyah quraisy.
Nabiyyulloh
Muhammad SAW ugi maringi contoh dumateng ummatipun puoso wonten dinten meniko.
Mboten nate kanjeng Nabi ninggalaken puoso dinten meniko. Kanjeng Nabi ugi
nyuwun dumateng Alloh SWT kangge puoso Arofah Alloh supados nglebur duso alit 1
tahun kalampah lan 1 tahun bade kalampah, kangge puoso Asyuro supados Alloh nglebur
duso alit 1 tahun sampun kalampah. Milo poro hadirin, kito sedoyo sampun faham
bilih mboten wonten pangarepanipun kanjeng Nabi ingkang mboten kinabulan.
Sedoyo mesti kinabulan lan di ridoi Alloh SWT. Lan insya Alloh sinten mawon
tiyang Islam ingkang purun nglampahi puoso Asyuro meniko bakal dipun lebur duso
alitipun 1 tahun ingkang sampun kalampah. Milo monggo kito ingkang sampun
mangertosi pangertosan meniko, kito nderek nglampahi puoso Asyuro ingkang Insya
Alloh bade dumugi benjeng dinten seloso tgl 6 desember ngajeng. Kelawan niat
mugi2 Alloh pareng kito panglebur duso ugi paren kerohmatan dumateng kito lan
keluarga kito sedoyo. Amin. Puoso Asyuro menikolah ingkang kawastanan puoso
khusus wonten wulan suro meniko.
Al
asr
بارك الله لي ولكم في
القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم
تلاوته إنه هو السميع العليم