Kamis, 13 Juli 2017

SYA’BAN WULAN MULYO (MALEM NISHFU SYA’BAN)


الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal kesahenan2 ingkang dipun janjiaken Alloh wonten Al Qur’an. Amin.
Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh
Wulan meniko wulan sya’ban. Tiyang jawi ngarani sya’ban meniko kelawan wulan ruwah. Wulan ruwah meniko poro hadirin, inggih puniko wulan ingkang wonten ing antarane kaleh wulan ingkang mulyo inggih puniko rejeb lan poso. Menawi wonten perkawis menopo mawon ingkang kubengan kelawan perkawis mulyo moko perkawis meniko bakal mulyo ugi, semanten ugi kelawan wulan sya’ban utawi ruwah meniko. Kejawi sangking puniko, sya’ban ugi kalebet wulan ingkang ugi dipun mulyaaken dening Alloh. Saklebetipun wulan meniko wonten kedadosan-kedadosan ugi perkawis ingkang kedah dipun mangertosi tumraping tiyang islam sedoyo. Antawisipun
  1. Kedadosan Tahwiilul Qiblah (owahing qiblah sholat) inggih puniko pindahing qiblah tiyang islam saking madep wonten baitul maqdis ing negari palestina tumuju utawi pindah madep marang baitulloh wonten ing mekkah. Alloh SWT dawuh :
قَدْ نَرَى تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِي السَّمَاء فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضَاهَا فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَحَيْثُ مَا كُنتُمْ فَوَلُّواْ وُجُوِهَكُمْ شَطْرَهُ وَإِنَّ الَّذِينَ أُوْتُواْ الْكِتَابَ لَيَعْلَمُونَ أَنَّهُ الْحَقُّ مِن رَّبِّهِمْ وَمَا اللّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُونَ -١٤٤-
Temen ingsun ngaweruhi madeping wajah iro ing langit, moko temen ingsun bakal ngengo’aken iro madep marang qiblah kang iro senengi. Moko becik madepno siro ing wajah iro marang arah Masjidil Harom. Lan ono ing panggonan sisih endi wae, siro madepo marang arah masjidil harom.. (QS Albaqoroh 144)
  1. Kedadosan bilih saben wonten wulan sya’ban meniko amal poro kawulo dangunipun 1 tahun dipun aturaken marang Alloh SWT. Rosululloh dawuh :
ذاك شهر يغفل الناس عنه بين رجب ورمضان وهو شهر ترفع فيه الأعمال الى رب العالمين واحب ان يرفع عملي وانا صائم
Puniko wulan ingkang manungso sami lali. Antarane rojab lan romadhon. Puniko wulan diangkatipun amal-amal manungso marang pengeran ingkang mengerani alam kabeh. Lan aku demen naliko diangkat amalku aku ono ing kahanan poso (HR Nasa’i)
  1. Dipun tento’ake umur manungso. Maksudipun poro hadirin, wonten lebeting saben wulan sya’ban meniko Alloh nento’aken sinten-sinten saking kawulane ingkang bade dipundut umuripun kalian Alloh SWT. Rosululloh SAW dawuh :
ان الله يكتب فيه على كل نفس ميتة تلك السنة فاحب ان يأتيني اجلي وانا صائم
Sa’temene Alloh nento’aken ono ing wulan iki saben awak-awakan kang arep kapundut ing tahun iki, moko aku demen menowo ajalku teko aku kahanan poso (HR Abu Ya’la)
Jama’ah Jum’ah Hafidzokumulloh
Selajengipun wonten wulan sya’ban enten wengi ingkang kawastanan wengi Nishfu Sya’ban. Inggih puniko malem 15 sya’ban. Malem nishfu sya’ban meniko malem ingkang dimulyaake dening Alloh. Alloh SWT temurun wonten langit dunyo awit saking surupe serngenge dinten 14 sya’ban ngantos wayah fajare tanggal 15 sya’ban. Ing ngriku Gusti Rosul nerangaken bilih Alloh bakal maringi pangapuran dumateng sinten mawon tiyang ingkang wengi puniko nyuwun pangapuran saking Alloh, Alloh bakal paring kawelasan ugi dumaten sinten mawon ingkang nyuwun kawelasanipun. Sedoyo masalah lan kesusahan tiyang ingkang anggadahi kesusahan Alloh ugi bakal paring kegampilan. Wonten Hadist Nabi dipun terangaken bilih sawijining dinten gusti rosul dipun rawuhi malaikat jibril, banjur malaikat matur dumateng nabi : wengi meniko wengi nishfu sya’ban. Ing wengi meniko gusti Alloh kagungan tiyang-tiyang ingkang dipun selametaken kaliyan Alloh saking geni neroko cacahipun katahe wilangane wulu domba bani kalb. Lan ing wengi puniko Alloh mboten bakal ningali (tegesipun boten bakal paring kawelasan) dumateng tiyang ingkang nyekuto’ake Alloh, tiyang ingkang munafiq, tiyang ingkang megot seduluran, tiyang ingkang wani marang tiyang sepuh lan tiyang ngelanggengake nginum arak.
Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Milo saking meniko monggo sesarengan kito sami nguripaken malem nishfu sya’ban ingkang insya Alloh bade dawah benjing malem ahad. Saged nglampahi kelawan piyambak-piyambak wonten griyo utawi kanti berjamaah wonten pundi mawon panggenan. Nguripaken kelawan amalan-amalan ingkang sholeh, saged arupi sholat tahajjud, maos Al Qur’an, maos surat Yasin, istighfar, sholawat utawi dungo nyuwun dumateng gusti Alloh sedoyo kekarepan lan kebetahan kulo panjenengan sami. Langkung-langkung wonten ing rinane tgl 15 sya’ban benjing kulo panjenengan saged nglampahi poso sya’ban, kados dene ingkang sampun dipun contohaken kaliyan gusti rosul SAW.
Siti ‘Aisyah RA, garwanipun Rosulillah SAW dawuh :
كان رسول الله صلى الله عليه وسلم ما استكمل صيام شهر قط الا شهر رمضان وما رأيته في شهر أكثر صياما منه في شعبان
Rosululloh SAW ora nyempurnakno poso sakwulan mung kejobo ono ing wulan Romahon. Lan ingsung ora weruh Rosululloh SAW akeh posone ingdalem sakwulan kejobo ono ing wulan sya’ban. (HR Bukhori, Muslim lan Abu Dawud)
Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Milo saksampunipun kito mangertosi keagunganipun wulan sya’ban lan wengi soho dintene nisyfu sya’ban, mugi saged nambahing kito ngibadah wonten lebeting wulan meniko kangge ngadepi wulan Romadhon ingkang bade dumugi. Lan mugi kito tansah pinaringan kekiatan khususipun kangge nguripi wengi lan dintene nishfu sya’ban kelawan ibadah, dungo lan puoso. Amin Ya Robbal ‘alamin.

وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم

0 komentar:

Posting Komentar