Kamis, 13 Juli 2017

RODHIITU BILLAAHI ROBBAA


الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩-    الانفال
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipun mulyaaken dening Alloh Subhanahu wa Ta’ala langkung rumiyen monggo kito tansah ambagusi anggenipun kito nglampahi wasiyat Taqwalloh, inggih meniko kelawan ikhlas nglampahi perkawis ingkang dipun ridhani Alloh lan nebihi perkawis ingkang mboten dipun ridhani dening Alloh. Mugi-mugi lantaran kito tansah nglampahi estu wasiyat Alloh meniko kito dipun dadosaken kalean Alloh termasuk golongan ingkang nerampi warisan Alloh arupi Suwargo wonten ing akhirat Amin ya Robbal ‘Alamin.
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Alhamdulillah kito bersyukur dumateng Alloh Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun netepaken manah kito kangge Ridho bilih Alloh Pengeran kito, Islam Agami kito, kanjeng Nabi Muhammad dados nabi lan rosul junjungan kito. Ugi Al qur’an dados pedoman kito, ka’bah dados Qiblat kito lan sedoyo tiyang ingkang beriman dados sederek kito. Sedoyo meniko bilih kito estu ridho kanti ikhlasing manah milo kito bakal saged ngraosaken manisipun iman ugi kito bakal estu-estu dipun perhatosaken kalian Alloh kelawan kerelaanipun. Rosululloh Shollallohu ‘alaihi wa sallam dawuh :
ذاق طعم الإيمان من رضي بالله ربا وبالإسلام دينا وبمحمد نبيا
“bakal ngraosaken iman tiyang ingkang ridho (nerampi kanti ikhlasing manah) bilih Alloh dados pengeranipun, Islam dados Agaminipun lan Nabi Muhammad dados Nabinipun”
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Kito kedah mangertosi bilih tiyang ingkang ridho kelawan Alloh Subhanahu wa Ta’ala berarti piyambakipun ugi ridho kelawan sedoyo aturan2 Alloh lan perkawis ingkang dados pilihan Alloh kangge piyambake, ridho kelawan ketentuanipun Alloh dumateng piyambake lan purun nerampi ikhlas kelawan rizqi ingkang dipun bagi dening Alloh kangge piyambake. Berarti wonten mriki mboten wonten kata ngersulo bilih sanes wekdal Alloh paring perkawis ingkang mboten cocok wonten ing manah, mboten getun bilih sanes wekdal Alloh paring rizqi sekedik utawi Alloh mboten naqdiraken sebagian saking kekarepanipun. Balik tiyang puniko bakal dadosaken sedoyo niku wau Ibroh utawi pelajaran kangge piyambake. Wonten babagan ibadah, tiyang ingkang ridho kelawan Alloh meniko bakal ngelanggengake to’at kelawan Alloh, ngrekso estu kelawan fardu2nipun lan nebihi sedoyo ingkang haram “ingkang mboten dipun remeni Alloh”. Menawi Alloh nurunake bala’ yekti piyambakipun bakal sabar nerampi lan syukur dumateng ni’mat2 ingkang katrampi saking Alloh lan akhiripun piyambake demen sanget saged pinanggihan Alloh wonten suwarginipun.
Bapak Ibu Hadirin Jama’ah Jum’ah Hafidzokumulloh
Sedoyo ingkang sampun kawulo aturaken wau inggih puniko gambaran sifat lan tindak tanduk tiyang ingkang ridho kelawan Alloh SWT. Menawi kito purun merhatosaken estu, kito bakal mangertosi bilih “leres” Alloh SWT bakal temen ridho dumateng tiyang puniko lantaran sifat lan tindak tandukipun ingkang jejeg. Lan mboten wonten panenan ingkang langkug sahe katimbang angsal pangridhan saking Alloh SWT. Menawi Alloh sampun ridho, sedoyo do’anipun bakal dipun kabulaken, kekarepanipun ugi bakal dipun ijabahi lan menopo ingkang dipun remeni dipun perhatosaken kalian Alloh. Maa Syaa-Allooh laa quwwata illaa billaah. Milo saking meniko, monggo kito sareng2 kelawan estu ingkang sepindah nguataken greged anggadahi raos ridho kelawan Alloh SWT ingkang dados pengeran kito. Ampun ngantos nggadah keyakinan bilih enten kekuatan saking sakliyane Alloh, Sedoyo menopo ingkang Alloh SWT taqdiraken kangge kito monggo kito terampi kanti ikhlas. Ampun ngantos kito Suu-udzdzon utawi awon penyanan marang Alloh. Alloh ingkang langkung nggadahi hak dumateng sedoyonipun termasuk kito sedoyo. Kito kedah saged memposisikan awak kito dados hamba ingkang mangertosi bendaranipun. Ampun ngantos damel piloro nopo maleh awon penyono. Sebab kados dene menungso ingkang anggadahi raos cemburu naliko perasaanipun dipun rusak kalian sanesipun, Alloh ugi nggadahi kados mekaten. Sawiining dinten Rosululloh dawuh dumateng poro shohabatipun wekdal wonten shohabat ingkang kaparingan asmo Sa’ad. Ingkang gadah raos cemburu sanget menawi wonten tiyang mlebet wonten griyanipun naliko piyambake mboten wonten griyo. Rosululloh SAW dawuh : “ingsun temen luwih gadah raos cemburu tinimbang Sa’ad, lan Alloh langkung-langkung luwih gadah raos cemburu tinimbang sedoyo makhluqipun. Dipun terasaken kalean kanjeng nabi bilih raos cemburunipun Alloh meniko naliko menopo perkawis inkang dipun haramaken dipun lampahi kalean makhluqipun. وغيرة الله ان تؤتى محارمه
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Mugi2 kanti pangertosan wau kito dipun paringi Alloh kekuatan lan kesabaran kangge kito supados saged estu masrahaken awak kito ikhlas nerampi kelawan Alloh SWT Dzat ingkang ngeramut sedoyo makhluqipun wonten ing dunyo meniko ingkang anggadahi hak mutlak dipun sembah lan dipun tuhoni sedoyo Firmanipun.
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم

0 komentar:

Posting Komentar