OJO AGAWE ISTIGHLAL
(NGGUNAAKE KESEMPATAN AMAL SHOLEH
KANGGO GOLEK DUNYO)
الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي
لولا ان هدانا الله. اشهد
ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار
ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها
المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل
لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو
الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin
jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo
dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun.
Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal kesahenan2 ingkang dipun janjiaken
Alloh wonten Al Qur’an. Amin.
Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh
Alloh
SWT sampun dawuh wonten Al Qur’an :
وَاٰتُوا الْيَتٰمٰى اَمْوَالَهُمْ وَلَا
تَتَبَدَّلُوا الْخَبِيْثَ بِالطَّيِّبِ ۖ وَلَا تَأْكُلُوْا اَمْوَالَهُمْ
اِلٰى اَمْوَالِكُمْ ۗ اِنَّه كَانَ حُوْبًا كَبِيْرًا
Artosipun
: lan podo menehake siro kabeh ing bondo-bondone bocah yatim, sarto ojo
nukar perkoro kang olo kelawan kang bagus, lan ojo podo mangan siro kabeh ing
bondo2ne deweke kabeh marang bondo2 iro. Saktemene kang mengkono iku duso kang
gede (An-Nisa’ : 2)
Ngeramut
bocah yatim puniko kalebet amaliyah ingkang sanget mulyo lan bakal diwenehi
derajat luhur menggahing Alloh SWT benjang wonten alam akhirat, sahinggo
Rosululoh SAW piambak dawukahe bilih tiyang ingkang ngeramut bocah yatim puniko
bakal cedak derajate kelawan Nabi Muhammad SAW. Nanging kenyataanipun awit
zaman rumiyen katah sanget tiyang igkang ngeramut bocah yatim justru malah
ngagem kesempatan puniko kagem ngumpulake bondo dunyo ingkang sifatipun
pribadi. Milo kanti teges Alloh SWT paring peringatan wonten Al Qur’an supados perkawis
puniko dipun tebihi, keranten puniko kalebet agawe dzolim marang bocah yatim.
Saking
ayat ing nginggil kolowau, Imam Sudiyy ndawuhaken bilih pancen leres wonten
tiyang ingkang tegel ngijoli kewan ternake bocah yatim kang lemu kelawan kewan
tenak ingkang kuru. Lan ugi wonten ingkang tegel nyampur bondone bocah yatim
mau kelawan bondone deweke, sahinggo kanti mboten sadar tiyang ingkang ngeramut
kolowau mangan bandane bocah yatim kanti dalih amergo deweke kang wes ngeramut
bocah yatim mau. Lan wonten ugi ingkang ngarepake warisan soko tiyang sepahe
bocah yatim kan sampun ninggal puniko. sedoyo perkawis puniko, kalebet perkawis
ingkang awon, ingkang tercela, ingkang dipun getingi dening Alloh SWT. Babagan punikolah
ingkang kawastanan ISTIGHLAL,, inggih puniko nggunaake kesempatan kanggo
merkoleh bondo dunyo utawi keuntungan pribadi kanti dalih ngeramut bocah yatim.
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Perkawis
Istighlal puniko saged ugi katatrapan dateng sinten ke mawon, mboten namung dating
tiyang ingkang ngeramut bocah yatim wau. Ananging saged ugi katatrapan dateng
poro pejabat, poro guru, kiyai, pegawai lan sanes-sanesipun. Keranten Istighlal
kalebet tipu dayanipun Syaitan, tujuanipun supados tiyang ingkang saweg nandang
amaliyah sahe utawi tugas mulyo puniko rusak amale, sahinggo mboten manfaati
benjang wonten alam akhirat.
Milo rikolo
rumiyen, Rosululloh SAW nate ndawuhake Shohabat Abu Mas’ud Al Anshori ingkang
wekdal puniko berangkat dipun tugasaken dening Rosululloh SAW. Kanti dawuhipun
:
انطلق يا ابا مسعود.. لا اُلفينك يوم القيامة.. تجيْء
وعلى ظهرك بعير من ابل الصدقة له غُراء قد غَلَلْته
Budalo
siro he Abu Mas’ud,,ojo sampek aku mbesuk ketemu siro ono ing dino qiyamat,
hale kahanan ono ing geger iro ono unto sedekah kang jerit soko hasil iro
istighlal / korupsi… HR Abu Dawud
Wonten
hadist puniko nedahaken bilih kanjeng nabi sampun estu manti2 dateng
Shohabatipun puniko supados sampun ngantos ngginaake kesempatan amanah ingkang
dipun emban puniko kagem merkoleh keuntungan ingkang sifatipun pribadi. Ingkang
Bahasa sakmeniko dipun sebat kanti korupsi.
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Wonten
kahanan ingkang sanesipun ugi sami, kados toh ingkang dados guru, dados pamong,
dados kepala keluarga, dados pemborong, dados tukang, lan sanes-sanesipun. Puniko
mboten bakalan lepas saking jebakan syaitan arupi pendamelan istighlal puniko. Mulo
kulo panjenengan sami kedah ngati-ngati saestu ingdalem nindaake sedoyo amanah.
Estu2 kito tindaake kanti linambaran manah ingkang ikhlas ingkang dipun sarangi
kanti pados pangertosan babagan halal lan harom. Supados ingdalem nindaake
sedoyo amanah puniko mboten ngeliwati wates ingkang dipun garisaken dening
agami Islam.
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Tiyang
ingkang Istighlal ingdalem amanahipun puniko kalebet tiyang ingkang khiyanat. Lan
tiyang ingkang khiyanat bakal dipun suwuni tanggungjawab ageng benjang wonten
dinten Qiyamat.
وَمَا كَانَ لِنَبِيٍّ اَنْ يَّغُلَّ ۗوَمَنْ
يَّغْلُلْ يَأْتِ بِمَا غَلَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۚ ثُمَّ تُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ
مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ
Ora ono
kaduwe Nabi iku sifat Istighlal (golek keuntungan kanggo awake dewe). Sopo wonge
kang nglakoni istighlal, moko mbesuk ing dino qiyamat bakal mikul opo kang den
istighlali. Nuli saben awak2an iku bakal den wales sampurno miturut opo kang
den lakoni, lan deweke kabeh ora den dzholimi. (QS Ali Imron : 161)
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Mugi kulo
panjenengan sami ingdalem pagesangan puniko saged nindaake sedoyo amanah kanti
sahe miturut toto aturanipun Alloh SWT lan saged selamet saking sedoyo penggawean
istighlal.
Mekaten
sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugio saged paring manfaat lan
saged ngamalaken wonten pagesangan puniko,,, Amin Ya Robbal ‘alamin.
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ
لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا
بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي
ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات وذكر الحكيم وتقبل مني
ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم