Senyum Itu Sedekah.

Syukur merupakan kualitas Hati yang terpenting. dengan berSyukur kita akan diliputi rasa Damai, Tenteram dan Bahagia.

Alloh is Love Us

ada keCintaan Alloh yang akan terbuka dibalik semua ujian-Nya.

Persahabatan itu Indah

Persahabatan bagaikan sekotak Crayon, berbeda-beda dan penuh warna. tapi jika mereka bersama, mereka dapat membuat Pelangi yang Indah.

Keteguhan Modal Keberhasilan

Anak Muda yang Kreatif tidak lama mengeluh dalam kesulitan. Dia cepat menemukan cara mengatasi kesulitan.

...

.....

Selasa, 08 Desember 2020

ZAMAN HARJ

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا اللهاشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسولهاللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..

قال الله تعالى يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩-    الانفال

Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipun mulyaaken dening Alloh Subhanahu wa Ta’ala langkung rumiyen monggo kito tansah ambagusi anggenipun kito nglampahi wasiyat Taqwalloh, inggih meniko kelawan ikhlas nglampahi perkawis ingkang dipun ridhani Alloh lan nebihi perkawis ingkang mboten dipun ridhani dening Alloh. Mugi-mugi lantaran kito tansah nglampahi estu wasiyat Alloh meniko kito dipun dadosaken kalian Alloh termasuk golongan ingkang nerampi warisan Alloh arupi Suwargo wonten ing akhirat Amin ya Robbal ‘Alamin.

Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh

Kulo panjenengan wekdal puniko sampun mlebet wulan penghujung saking tahun 2020, saestu saged karaosaken bilih gantosipun mongso puniko cepet sanget, kados2 tahun 2020 puniko nembe mawon dumugi, sakmeniko sampun bade telas, sekedap malih dumugi tahun 2021. Kraos ugi kanti cepetipun gantose mongso, kulo panjenengan sami kados2 dereng saged ngamal ingkang katah, keranten katah saking umumipun kulo jenengan sami teledor ingdalem gageh2an ngamal, langkung katah nunda ngamal sahe katimbang sanesipun.

Tahun 2020 puniko katah sanget Alloh SWT paring peringatan dumateng kulo jenengan sami lewat ayat2 utawi kedadosan2 ingkang sedoyo kekuatan makhluq mboten kuwaos ngandek kedadosan puniko.

Kedadosan permusuhan ing antawisipun sesami manungso, sesami umat agami Islam. Kedadosan katah sanget Alloh nurunaken cubo, rusake alam, bencana banjir, penyakit, wabah, virus lan sakpanunggalipun. Termasuk ugi wonten tahun 2020 puniko katah sanget Alloh SWT ngangkat umur tiyang2 ingkang Sholeh, tiyang2 ingkang alim, poro dzurriyah utawi putrowayah Rosululloh, poro wali2 Alloh ingkang dados punjering gesang kulo jenengan sami ing alam dunyo puniko. Ingkang kapundutipun sedoyo wau mboten saged kulo jenengan nyono sakderengipun. Langkung saking 100 an poro ulama dunia, habaib lan poro wali ingkang kapundut wonten tahun meniko. Termasuk kolowau dalu 6 Ulama Habaib Indonesia kapundut ugi sowan ngarsanipun Alloh SWT. Innaa lillaahi wa innaa ilaihi rooji-un.

Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh

Rosululloh paring gambaran kahanan puniko kanti Hadisipun :

 

ﻳَﺘَﻘَﺎﺭَﺏُ ﺍﻟﺰَّﻣَﺎﻥُ ﻭَﻳُﻘْﺒَﺾُ ﺍﻟْﻌِﻠْﻢُ ﻭَﺗَﻈْﻬَﺮُ ﺍﻟْﻔِﺘَﻦُ ﻭَﻳُﻠْﻘَﻰ ﺍﻟﺸُّﺢُّ ﻭَﻳَﻜْﺜُﺮُ ﺍﻟْﻬَﺮْﺝُ

 

“Mongso podo peparekan (artosipun bakal kroso dadi cepet), ilmu bakalan den angkat (kanti Alloh mejahi poro Ulama), bakal kedadean fitnah2 (musibah2), sifat bakhil bakal den tekaake (artosipun katah tiyang ing zaman puniko ingkang sami mentingake urusane piyambak) lan akeh kedadean paten pinaten (artosipun katah sanget permusuhan2 ingkang mboten saged kuwaos kito adepi)”

 

Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh

Punikolah ingkang kawastanan Zaman Harj. Mongso ingkang dipun gambaraken ugi dening Nabi bilih tiyang ingkang lugu sekalipun sami nderek bingung.

 

Saestu akal kulo jenengan sami mboten nyandak kangge niti2 kedadosan sedoyo wau. Ananging saestu poro hadirin bilih sedoyo kedadosan kolowau mbeto ibroh / piwulang saking Alloh kangge kulo jenengan sami, sampun titiwancipun kulo jenengan sami gageh2an bali dateng Alloh SWT, bali tumuju margi ingkang dipun ridhoi Alloh lan Rosulipun, bali gabung sesarengan poro ulama2 ingkang istiqomah, ingkang ikhlas nuntun kulo jenengan nyedak dateng Alloh SWT. Bali ngebaki papan panggenan Ibadah, Masjid, Musholla lan Majlis2 Ta’lim. Keranten kedadosan2 puniko sampun kalebet min Asyrootis Saa’ah : bahagian saking tondo2 qiyamat.

Milo saestu monggo sesarengan kulo jenengan ginaaken kesempatan gesang puniko kanti usaha melebet 4 golongan ingkang tabah lan kuat wonten kahanan lan mongso kados pundi mawon, keranten piyambake 4 golongan wau pikantuk nadzroh rohmat (pandangan kasih sayang Alloh SWT) ingkang kasebat wonten QS Al ‘Ashr : Nuwun inggih Golongan tiyang2 ingkang Kuat Imanipun, tiyang2 ingkang sregep ngamal Sholeh, tiyang2 ingkang purun wasiyat2 kenceng ingdalem perkawis bener lan tiyang2 ingkang purun wasiyat2 jejeg ingdalem sabar.

Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh

Mugi kulo panjenengan sami tansah pinaringan Maunah lan Taufiq saking Alloh SWT, saged mlebet 4 golongan kolowau sahinggo selami gesang puniko tansah pinanggih katentreman lan kawilujengan lan titiwancinipun benjang sowan wonten ngarsanipun Alloh SWT saged mbeto Iman lan Islam Amin Ya Robbal ‘Alamin

 

وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-

بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم