Kamis, 04 Januari 2018

FADHILAH SHOLAT LAN DINTEN JUM’AH

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Dinten Jum’ah inggih puniko dinten ingkang mulyo lan dipun mulyaaken dening Alloh SWT. Dipun khususaken kangge umatipun kanjeng nabi Muhammad SAW pinten2 fadhilah utawi kautaman2 ingkang dipun paringaken saking Alloh SWT. Amalan2 khusus ingkang Alloh dadosaken wonten ing lebeting dinten Jum’ah puniko dados bukti banget luhur lan agungipun dinten lan ibadah jum’ah.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Setengah saking kautaman2 Sholat lan dinten Jum’ah inggih puniko :
1.    Sholat Jum’ah saged nglebur marang pinten2 duso kawulo ingkang nindaake
Gusti kanjeng Nabi dawuh :
عن أبي هريرة رضي الله عنه قال : قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : من توضأ فأحسن الوضوء ثم أتى الجمعة فاستمع وأنصت غفر له ما بينه وبين الجمعة الأخرى وزيادة ثلاثة أيام... (رواه مسلم)
“sinten tiyang ingkang wudhu’ banjur ambagusi wudhu’, nuli nekani jum’ah, anteng mirengaken (khutbah) moko disepuro duso antarane jum’at iku lan jum’at ingkang bakal tumeko ditambah 3 dinten...” (HR Muslim)
2.    Sholat Jum’ah saged madangi dumateng mergi tiyang ingkang ngelampahi mbenjang wonten dinten Qiyamat
3.    Derajat ganjaranipun Sholat Jum’ah puniko tingkat2, miturut wekdal tiyang puniko ndugeni Sholat Jum’ah.
Gusti kanjeng Nabi dawuh :
إذا كان يوم الجمعة وقفت الملائكة على باب المسجد يكتبون الأول فالأول, ومثل المهجِّر كمثل الذي يهدي بدنة ثم كالذي يهدي بقرة ثم كبشا ثم دجاجة ثم بيضة فإذا خرج الإمام طووا صحفهم يستمعون الذكر
“Naliko dinten Jum’ah dumugi, Malaikat sami jumeneng ingatase lawang mesjid nyateti tiyang ingkang dumugi awal wekdal nuli ingkang awal wekdal, ingkang dumugi isuk2an puniko kados dene tinyang ingkang sedekah unto lemu, nuli saklajengipun kados dene sedekah lembu, nuli mendo, nuli ayam nuli tigan. Moko naliko Imam medal tumuju khutbah, poro Malaikat nutup buku catetanipun kangge mirengaken khutbah.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
dados mboten sami alit ageng ganjaranipun tiyang ingkang dumugi jama’ah Jum’ah. Sedoyo wonten tingkatan2ipun. Sedoyo puniko mboten sanes keranten saking mulyo lan agengipun dinten lan ibadah Jum’ah. Maa syaa-Allooh laa quwwata illaa billaah.
Kautaman ingkang saklajengipun inggih puniko :
4.    Saklebeting dinten jum’ah ugi wonten wekdal2 ingkang langkung utami katimbang ingkang sanes, lan kaijabahan dungo kito sedoyo. Antawisipun kados ingkang dipun ceritaaken dening Ibnu Umar RA ingkang nyeritaake Abahipun “Sayyidina Umar” ingkang nate mireng Rosululloh SAW dawuh :
هي ما بين أن يجلس الإمام إلى أن تقضى الصلاة
“Wekdal ingkang langkung utami katimbang ingkang sanesipun inggih puniko naliko antawisipun Imam lenggah ingatase mimbar ngantos dumugi kaleksanan Sholat Jum’ah” (HR Muslim)
Katah sanget kautaman2 ingkang sanesipun saking dinten lan ibadah Jum’ah meniko, kejawi saking puniko dinten Jum’ah ugi dados dinten ingkang langkung agung katimbang dinten adha lan dinten fitri, keranten dinten Jum’ah dados gustine dinten, ing dinten Jum’ah meniko Alloh SWT nyiptaaken Nabiyulloh Adam AS ugi mandapaken wonten ing dunyo lan mafataken piyambake ing dinten puniko ugi. Perkawis Halal nopo mawon ingkang dipun suwun tiyang Islam wonten wekdal ijabah ing dinten Jum’ah mesti bakal kinabulan lan dipun ijabahi kalean Alloh SWT, lajeng dinten Qiyamah mbenjang ugi bade dumawah ing dinten Jum’ah. Milo sahe sanget menawi kito umat Islam sami nemen2i anggenipun kito ngibadah wonten dinten Jum’ah meniko.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Rosululloh ugi dawuh bilih Makhluq sakliyane jin lan menungso puniko sami remen kalean dumuginipun dinten Jum’ah
... ما من ملَك مقرَّب ولا سماء ولا أرض ولا رياح ولا جبال ولا بحر إلا وهن يُشفِقن من يوم الجمعة (رواه أحمد وابن ماجه)
“...mboten wonten saking poro Malaikat, langit, bumi, angin, gunung lan segoro kejawi sedoyo sami remen dumuginipun dinten Jum’ah” (HR Ahmad & Ibnu Majah)
Saking kautamaan dinten lan ngibadah Jum’ah maleh inggih puniko kasunnahan ndamel wewangen, siwakan, ndamel pakaian ingkang sahe, motong kuku, siram, maos Surat Al Kahfi lan ugi ngaturaken Sholawat Salam marang kanjeng Nabi Muhammad SAW langkung katah tinimbang dinten sanes.
Kaceritaaken saking Abu Darda’ RA bilih Rosululloh SAW dawuh :
أكثروا من الصلاة علي كل يوم الجمعة فإنه مشهود تشهده الملائكة...
“Podo ngakeh2ono siro kabeh Sholawat ingatase ingsun saben dino Jum’ah, kerono saktemene iku dadi seksi kang disekseni poro Malaikat... (HR Ibnu Majah)
5.    Terakhir ingkang saged kawulo aturaken wonten khutbah meniko poro hadirin Rosululloh SAW ugi dawuh ingkang kaceritaake saking Ibnu Umar RA:
ما من مسلم يموت يوم الجمعة أو ليلة الجمعة إلا وقاه الله فتنة القبر
“mboten wonten tiyang Islam ingkang ninggal ing dino Jum’ah utowo malem Jum’ah kejobo Alloh bakal njogo deweke songko fitnah kubur”
Milo poro hadirin sepindah maleh kawulo aturaken monggo sareng2 kito tansah nemen2i anggenipun kito ngibadah ing saben dinten Jum’ah kanti pangarep2 mugi kito saged angsal karidanan Alloh SWT ing dunyo lan akhiroh lantaran kito purun estu merhatosaken ingkang dados karemenanipun Alloh SWT lan ugi mugi kito angsal pitulunganipun Rosululloh SAW mbenjang dinten qiyamah lantaran kito ngatah2aken Sholawat Salam dumateng panjenenganipun SAW. Amin Ya Robbal ‘Alamin
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السمسع العليم

0 komentar:

Posting Komentar