Senin, 22 Januari 2018

MIN WASHOYA SAYYIDINA ‘ALI KWJ (03. AL QOSHDU FIL GHINA WAL FAQR)


 الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Imam ‘Ali bin Abi Tholib Karromalloohu Wajhah dawuh dumateng salah setunggaling Putranipun :
أوصيك يابني :
1.                       بتقوى الله تعالى في الغيب والشهادة
2.                       وبكلمة الحق في الرضا والغضب
3.                       وبالقصد في الغنى والفقر
4.                       وبالعدل مع الصديق والعدوّ
5.                       وبالعمل في النشاط والكسل
6.                       وبالرضا والشكر لله في الشدة والرخاء
Ingsun wasiat marang sliramu hai anakku :
1.    Kelawan Taqwo utowo wedi marang Alloh ingdalem kahanan sepi lan rame
2.    ngaturake kalimat kang haq (kalimat kang bener) ingdalem kahanan seneng lan bendu
3.    urip kanti sedeng, jejeg anteng ingdalem kahanan sugih lan faqir
4.    netepi agawe adil marang konco lan musuh
5.    netepi ngamal ingdalem kahanan sregep lan males
6.    Ridho nriman lan Syukur marang Alloh ingdalem kahanan susah lan seneng
Puniko 6 wasiyat Sayyidaina Ali ingkang dipun wasiyataken dumateng putranipun.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Lumebet marang wasiyat ingkang ongko 3 inggih puniko “urip kanti sedeng, jejeg anteng ingdalem kahanan sugih lan faqir”
Bondo dunyo ingkang kito pureh wonten gesang kulo panjenengan sami, sekedik punopo katah, puniko termasuk setunggal perkawis engkang saged dadosaken nglaleake marang Alloh SWT menawi kulo panjenengan mboten saged ginaaken kangge kesahenan. Artosipun gesang wonten kahanan kulo panjenengan sugeh bondo dunyo, utawi faqir, puniko tetep kedah anggadahi raos mboten aman saking gudanipun hawa nafsu lan syaitan. Mboten sekedik manungso ingkang anggadahi bondo dunyo katah nanging malah soyo tebih saking ngibadah, semanten ugi mboten sekedik manungso ingkang kahanan faqir justru malah demen ngersulo, demen jaluk2, lan nindaake perkawis ingkang ino. Wal ‘iyaadzu billaah.. sahinggo wonten babagan ing ngriki ulama ndawuhake :
فلا تبذير ولا تقتير ولا اسراف ولا تضييق بل عيش وسط معتدل, فإن التبذير والإسراف مضيعة, وقد يفضي الى العوز والمتربة, والتقتير والتضييق مذلة ومهانة وقد يفضي الى التهلكة
Moko ojo agawe boros siro lan ojo medit/kikir, balik uripo kanti sedeng jejeg tur anteng, saktemene boros iku perkoro sio2 kang biso nekaake marang kemlaratan,lan saktemene medit/kikir iku perkoro ino kang biso nekaake marang kerusakan.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Anggadahi sikap sedeng, jejeg anteng ingdalem perkawis nopoke mawon puniko kalebet perkawis ingkang sahe menggahing agami, perkawis ingkang pinuji bagus tur matuk wonten ing pikir. Sahinggo saged dados “Qiwaamul hayaah” cagake gesang kulo panjenengan urip kanti slamet, mulyo, aman tur tenang. Sekedik contoh saking gambaran urip kanti sedeng jejeg tur anteng inggi puniko antawisipun :
Loman : minongko sikap sedeng antaraning boros lan medit
Pemberani : minongko sikap sedeng antaraning sombong lan jere
Meneng njagi lisan : minongko sikap sedeng antaraning ngomong ngebros lan ngenengi kealanan, lan panunggalipun…
Gambaran manungso ingkang sedeng jejeg tur anteng puniko naliko ingdalem nindaake perkawis nopoke mawon ngepasake panggonan ingkang sahe, sabar, mboten grusa-grusu tur cepet lan demen nindaake kesahenan kanti ikhlasing penggalih.
Senaoso ingdalem babagan ngibadah ugi kulo panjenengan katuntut sedeng jejeg tur anteng, miturut kemampuan wonten lumampah.
Kaceritaake wonten zamanipun Rosululloh SAW setengah saking shohabat matur dumateng kanjeng Nabi : Ya Rosulalloh kulo mboten purun nikah, wonten maleh kulo mboten purun maem daging, wonten maleh kulo mboten bade tilem ing kasur lan ingkang terakhir kulo bade poso terus.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Sedoyo wau ingkang dipun aturake shohabat dumateng Gusti Rosul kalebet perkawis ingkang mboten sedeng jejeg tur anteng
Akhiripun dipun jawab dening Rosululloh kanti gamblang : Aku nglakoni Sholat ugo aku istirahat, Aku nglakoni puoso ning ora terus2 ateges yo buko, Aku ugo nikah. Artosipun Gusti Rosulullooh SAW puniko nindaake perkawis kanti sedeng jejeg tur anteng.
Rosululloh SAW ugi paring pangertosan babagan puniko dumateng Sa’d shohabatipun ingkang tanglet : Ya Rosulalloh, kadospundi menawi kulo wasiyatake sedoyo harta kulo kangge sabilillaah? “Ojo” jawab gusi Rosul, duapertiga? Ojo, setengah? Ojo, sepertigo? Iyo Sepertelu, lan sepertelu iku akeh…
Saking sekedik gambaran kolowau paling mboten kulo panjenengan saged sekedik nangkep pangertosan bilih wonten pundi papan panggenan, kapan wekdale, ingdalem kahanan sugeh lan faqir, kito tansah katuntut urip kanti sedeng jejeg tur anteng. Supados angsal pinten2 kesahenan lan berkah saking ngarsanipun Alloh SWT. Sahinggo kulo panjenengan angsal katenangan batin wonten gesang alam dunyo puniko lan ngibadah senajan sekedik nanging saged kanti kuat tur istiqomah.
Al Qoshda 2x tablughu : awit sekedik2, soyo dangu soyo katah, soyo tumuju lan tumanceb
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Meniko sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugi saged manfaati kangge kulo panjenengan sekeluarga sami Amin Ya Robbal ‘Alamin….
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السمسع العليم


0 komentar:

Posting Komentar