Senin, 22 Januari 2018

MIN WASHOYA SAYYIDINA ‘ALI KWJ (04. AL ‘ADLU)


 الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Imam ‘Ali bin Abi Tholib Karromalloohu Wajhah dawuh dumateng salah setunggaling Putranipun :
أوصيك يابني :
1.                       بتقوى الله تعالى في الغيب والشهادة
2.                       وبكلمة الحق في الرضا والغضب
3.                       وبالقصد في الغنى والفقر
4.                       وبالعدل مع الصديق والعدوّ
5.                       وبالعمل في النشاط والكسل
6.                       وبالرضا والشكر لله في الشدة والرخاء
Ingsun wasiat marang sliramu hai anakku :
1.    Kelawan Taqwo utowo wedi marang Alloh ingdalem kahanan sepi lan rame
2.    ngaturake kalimat kang haq (kalimat kang bener) ingdalem kahanan seneng lan bendu
3.    urip kanti sedeng, jejeg anteng ingdalem kahanan sugih lan faqir
4.    netepi agawe adil marang konco lan musuh
5.    netepi ngamal ingdalem kahanan sregep lan males
6.    Ridho nriman lan Syukur marang Alloh ingdalem kahanan susah lan seneng
Puniko 6 wasiyat Sayyidaina Ali ingkang dipun wasiyataken dumateng putranipun.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Lumebet marang wasiyat ingkang ongko 4 inggih puniko “netepi agawe adil marang konco lan musuh”
Ingkang kawastanan konco wonten ing mriki inggih puniko sedoyo piantun ingkang kito remeni, punopo meniko keluarga, sedulur, tetanggi, rencang lan panunggalipun. Banjur kosokwansulipun ingkang kawastanan musuh inngih puniko sedoyo piantun ingkang mboten dipun remeni, punopo meniko keluarga, sedulur, tetanggi, rencang lan panunggalipun.
Islam majibaken dumateng kulo panjenengan sami wonten alam dunyo puniko antawisipun inggih puniko kulo panjenengan katuntut kedah saged damel sikap adil dumateng sinten ke mawon piantun ingkang dipun remeni utowo mboten dipun remeni. Artosipun wonten babagan kito sesrawungan kedah sami, mboten angsal condong sebelah mung keranten perkawis ingkang mubah utawi perkawis ingkang dipun ukur kalian ukuran bondo dunyo. Kito ugi mboten pareng condong dumateng piantun mung keranten wonten hubungan seduluran mawon utawi keranten keraketan angsale kekancan. Nanging ingkang dipun atur dening Islam kulo panjenengan kedah bersikap sami dumateng sedoyo ingdalem mbales kebagusan utawi ingdalem mbales kealanan. Gusti Alloh dawuh :
إن الله يأمر بالعدل والإحسان
“setuhune Alloh iku perintah agawe adil tur agawe bagus” (An Nahl : 90)
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Sikap adil puniko kalebet perkawis ingkang abot, mboten sembarang manungso saged nglampahi, milo wonten Al Qur’an piambak Alloh SWT katah ngemutake dumateng kawulani pun babagan perkawis puniko, semanten ugi Rosululloh SAW wonten Hadisipun.
Ageng sanget Alloh bakal paring ganjaran dumateng kawulanipun ingkang saged nindaake keadilan, ananging sikso ingkang sanget ugi saking Alloh menawi kawulanipun niya2ake keadilan. Milo wonten gesang kulo panjenengan sami wonten alam dunyo puniko monggo sesarengan nindaake perkawis adil. Sampun ngantos gesang ing dunyo puniko kulo panjenengan nindaake kesenengan wonten ing kasengsaran tiyang sanes keranten kulo panjenengan mboten purun nindaake keadilan. Dados tiang sepuh kedah saged adil marang keluarga, Guru utawi Kyai kedah saged adil marang santri, pemimpin kedah saged adil marang rakyat. Sedoyo awak2an kulo panjenengan sami katuntut nindaake keadilan wonten alam dunyo meniko.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Alloh SWT nyebatake wonten Al Qur’an bilih tumindak adil puniko kalebet paling parek2e perkawis ingkang saged tumuju marang ketaqwaan :
ولا يجرمنكم شنأن قوم على ان لاتعدلوا اعدلوا هو أقرب للتقوى. (المائدة 8)
“Lan ojo nyeret temenan roso sengite siro kabeh marang siji kaum kanggo ora agawe adil siro kabeh, moko podo agaweo adil siro kabeh, kerono iku paling parek2e marang taqwo”
Babagan Adil ugi Alloh SWT ngantos2 ngemutake dumateng kawulo panjenengan sami supados adil ugi wonten ing pengucap :
وإذا قلتم فاعدلوا ولو كان ذا قربى .. (الأنعام 152)
Lan naliko ngucap siro kabeh moko adilo senajan marang sedulur… (Al An’am 152)
Artosipun sedoyo pengucap kulo panjenengan sami puniko wonten catetanipun, saged dadosake ganjaran ugi saged dadosake duso, milo adil wonten ing pengucap kulo panjenengan katuntut ngaturake perkawis nopoke mawon puniko miturut kenyataanipun, mboten kengeng ditambahi utawi dikirangi.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Adil kalebet perkawis ageng ingkang pundi sintenke tiyang nindaake puniko kalebet tiyang ingkang berakhlaq kalian akhlaqipun Alloh SWT, keranten punopo? Keranten piambake niru lan nindaake setengah saking sifatipun Alloh ingkang kagungan asmo Al ‘Adlu (Dzat Kang Moho Adil). Lan Alloh dawuh : إن الله يحب المقسطين (الحجرات 9)
“setuhune Alloh demen marang wong2 kang podo adil”
Rosululloh SAW ugi paring kabar bungah bilih tiyang ingkang nindaake keadilan puniko kalebet tiyang ingkang bakal angsal ayup2an utawi naunganipun Alloh SWT benjang wonten yaumul Qiyamah :
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ عَنْ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ سَبْعَةٌ يُظِلُّهُمْ اللَّهُ فِي ظِلِّهِ يَوْمَ لَا ظِلَّ إِلَّا ظِلُّهُ الْإِمَامُ الْعَادِلُ
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Kangge mungkasi khutbah ing siang puniko kawulo ngajak dumateng jamaah sedoyo monggo sesarengan nindaake adil, adil ing pengucap, adil ing pendamelan, adil marang awak piambak, adil marang keluarga, adil marang tiang sanes, adil marang konco, adil marang musuh, lan adil wonten kahanan punopoke mawon.
Mugi sekedik pangertosan puniko saged dadosake berkah wonten gesang kulo panjenengan sami wonten alam dunyo puniko kangge keslametan tumuju alam akhirat. Amin Ya Robbal ‘Alamin
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم

0 komentar:

Posting Komentar