Kamis, 04 Januari 2018

MIN WASHOYA SAYYIDINA ‘ALI KWJ (02. KALIMATUL HAQ)

 الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله... فقد فاز المتقون...
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Imam ‘Ali bin Abi Tholib Karromalloohu Wajhah dawuh dumateng salah setunggaling Putranipun :
أوصيك يابني :
1.                       بتقوى الله تعالى في الغيب والشهادة
2.                       وبكلمة الحق في الرضا والغضب
3.                       وبالقصد في الغنى والفقر
4.                       وبالعدل مع الصديق والعدوّ
5.                       وبالعمل في النشاط والكسل
6.                       وبالرضا والشكر لله في الشدة والرخاء
Ingsun wasiat marang sliramu hai anakku :
1.    Kelawan Taqwo utowo wedi marang Alloh ingdalem kahanan sepi lan rame
2.    ngaturake kalimat kang haq (kalimat kang bener) ingdalem kahanan seneng lan bendu
3.    urip kanti sedeng, jejeg anteng ingdalem kahanan sugih lan faqir
4.    netepi agawe adil marang konco lan musuh
5.    netepi ngamal ingdalem kahanan sregep lan males
6.    Ridho nriman lan Syukur marang Alloh ingdalem kahanan susah lan seneng
Puniko 6 wasiyat Sayyidaina Ali ingkang dipun wasiyataken dumateng putranipun.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Lumebet marang wasiyat ingkang ongko 2 inggih puniko “ngaturake kalimat kang haq (kalimat kang bener) ingdalem kahanan seneng lan bendu
Puniko setunggal wasiyat ingkang singkat nanging jero maknanipun tur abot lampahanipun, ateges gesang wonten alam dunyo puniko kulo panjenengan katuntut supados jujur utawi agawe bener ingdalem sedoyo pengucap, ingdalem sedoyo pendamelan utawi tingkah lan ingdalem sedoyo kahanan. Kulo panjenengan mboten kengeng nyimpang saking mergi ingkang leres mung keranten perkawis bondo dunyo, jabatan utawi kedudukan, nama baik lan sakpanunggale. Kados lumrahipun manungso umum, katah ingkang sampun mangertosi bilih ta’at ngibadah dumateng Alloh SWT lan nderek Gusti Rosululloh SAW puniko setunggal kewajiban ingkang dipun lampahi, ananging katah saking kito ingkang nindaake kewajiban wau naliko saweg nandang bungahke mawon, nanging giliran kito nandang kesusahan,, kito males2an anggenipun nglampahi, kito ndisiake kepentingan piyambak, kito ndisiake kepentingan sedulur, kito ndisiake kepentingan bondo tinimbang kepentinganipun Alloh SWT. Senajan batin utawi manah kulo panjenengan sami wekdal puniko mangertosi bilih kito saweg menomer dua kan Alloh SWT. Nikilah ingkang kawastanan bilih kito terkadang dereng saged jujur dumateng awak piyambak.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Kirang jujuripun kulo panjenengan wonten contoh kolowau, selami purun nambeli nindaake kewajiban lan mboten ngantos nindaake penyimpangan, puniko kalebet lumrah tur wajar. Ananging kosok wansulipun poro hadirin, menawi kirang jujuripun kulo panjenengan wau ngantos nindaake perkawis ingkang nyimpang saking aturan Islam, saking aturanipun Alloh SWT lan Rosululloh SAW, mulo kulo panjenengan bakal pinanggih kalian cubanipun Alloh SWT, pinanggih kalian kesesatan sahinggo dadosake duso lan tebih saking rohmatipun Alloh SWT. Na’udzu billah tsumma na’udzubillaah. Milo ingkang leres ing mriki hadirin, monggo sesarengan kulo panjenengan berusaha dados kawulanipun  Alloh SWT ingkang lurus, dados pemimpin ingkang lurus, dados pejabat ingkang lurus, dados petani ingkang lurus, dados pedagang ingkang lurus dados guru ingkang lurus, dados kyai ingkang lurus, dados orangtua ingkang lurus, dados menantu ingkang lurus, dados santri ingkang lurus, dados pembantu ingkang lurus lan dados rakyat ugi ingkang lurus. Sebab poro hadirin gesang kito dados nopoke mawon puniko mboten aman saking godanipun syaitan la’natulloh ‘alaih.
Sawijining dinten wonten zamanipun Gusti Rosululloh SAW wonten setunggal piantun estri ingkang mundut hake piantun sanes utawi mencuri, banjur sami musyawaroh supados angsal keringanan saking Rosululloh SAW. Ananging naliko dipun aturaken marang Gusti Rosululloh SAW, moko piambakipun nedahake wajah ingkang mboten remen sarono dawuh : “onoto sliramu bakal ngajak aku kompromi karo hukume Alloh..??” banjur kanjeng Nabi nerasaken dawuh wonten khutbah sontenipun :
أَمَّا بَعْدُ فَإِنَّمَا أَهْلَكَ النَّاسَ قَبْلَكُمْ أَنَّهُمْ كَانُوا إِذَا سَرَقَ فِيهِمْ الشَّرِيفُ تَرَكُوهُ وَإِذَا سَرَقَ فِيهِمْ الضَّعِيفُ أَقَامُوا عَلَيْهِ الْحَدَّ وَالَّذِي نَفْسُ مُحَمَّدٍ بِيَدِهِ لَوْ أَنَّ فَاطِمَةَ بِنْتَ مُحَمَّدٍ سَرَقَتْ لَقَطَعْتُ يَدَهَا
“Amma Ba’d : saktemene rusak cilakane ummat sakdurunge sliramu iku kerono naliko ono wong mulyo kang njupuk tanpo hak, moko ora dijumenengake hukum (ora dihukum), ananging naliko ono wong biasa kang njupuk tanpo hak, moko dijumenengake hukum (dihukum). Demi Alloh Dzat kang Muhammad ono ing kekuasaane, sekirane Fathimah Binti Muhammad njupuk tanpo hak moko aku kang bakal motong tangane”
Maasyaa-Allooh laa quwwata illaa billaah
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Gambaran kejujuran puniko sampun dipun contohaken dening Rosululloh SAW, milo kulo panjenengan ingkang dados ummatipun monggo sesarengan nderek ngedekaken sikap ngaturake perkawis hak utawi kejujuran sak kuwating tenogo kito. Sekalipun kulo panjenengan bakal berlawanan kalean sedulur, tonggo utawi konco. Ananging ingkang perlu kito emut, bilih wekdal puniko kito saweg sesarengan kalian Alloh SWT lan Rosululloh SAW. Milo mboten perlu khawatir, sinten tiyang ingkang berusaha ngaturake perkawis ingkang haq, Alloh nyawisi Suwargi kang kebak kalian ni’mat wonten alam Akhirat, lan kanti keadilanipun Alloh SWT wonten alam dunyo piambake bakal dados piantun ingkang terhormat menggahipun manungso, lang langkung2 menggahipun Alloh SWT.
Mugi kanti sekedik pangertosan ing siang puniko, kulo panjenengan pinaringan kekiatan saking Alloh SWT kangge saged ngaturake perkawis ingkang haq kados ingkang dados wasiyatipun Sayyidina Ali KWJ wonten kahanan kito seneng lan bendu, Amin Ya Robbal ‘Alamin.
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم

0 komentar:

Posting Komentar