Rabu, 24 Januari 2018

MIN WASHOYA SAYYIDINA ‘ALI KWJ (05. AL ‘AMAL)


 الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Imam ‘Ali bin Abi Tholib Karromalloohu Wajhah dawuh dumateng salah setunggaling Putranipun :
أوصيك يابني :
1.                       بتقوى الله تعالى في الغيب والشهادة
2.                       وبكلمة الحق في الرضا والغضب
3.                       وبالقصد في الغنى والفقر
4.                       وبالعدل مع الصديق والعدوّ
5.                       وبالعمل في النشاط والكسل
6.                       وبالرضا والشكر لله في الشدة والرخاء
Ingsun wasiat marang sliramu hai anakku :
1.    Kelawan Taqwo utowo wedi marang Alloh ingdalem kahanan sepi lan rame
2.    ngaturake kalimat kang haq (kalimat kang bener) ingdalem kahanan seneng lan bendu
3.    urip kanti sedeng, jejeg anteng ingdalem kahanan sugih lan faqir
4.    netepi agawe adil marang konco lan musuh
5.    netepi ngamal ingdalem kahanan sregep lan males
6.    Ridho nriman lan Syukur marang Alloh ingdalem kahanan susah lan seneng
Puniko 6 wasiyat Sayyidaina Ali ingkang dipun wasiyataken dumateng putranipun.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Lumebet marang wasiyat ingkang ongko 5 inggih puniko “netepi ngamal ingdalem kahanan sregep lan males”
Sedoyo manungso puniko kagungan raos sregep ugi kagungan raos males, nopo maleh engkang wonten gegayutane kalean amal bagus. ananging wonten lebeting agami kulo panjenengan puniko, Alloh SWT lewat Alqur’an sampon paring pinten2 dorongan utawi penyemangat kangge sedoyo ummat Islam supados sampun ngantos pedot songko agawe kebagusan utawi ngamal ingkang sholeh. Sebab mboten wonten engkang saged mangertosi akhir saking gesang wonten alam dunyo puniko. Husnul khotimah utawi su’ul khotimah, pungkasan engkang sahe utawi pungkasan ingkang awon. Kanjeng Nabi Dawuh :
إنما الأعمال بالخواتم
“Amal niku kantun pungkasane”
Artosipun poro hadirin, termasuk Islam dorong kulo panjenengan sami netepi ngamal ingkang sholeh puniko supados saged mungkasi wonten alam dunyo puniko kanti saweg netepi bekti marang Alloh SWT, sahinggo saged sowan marang Alloh kanti Husnul Khotimah.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Sejatosipun raos males puniko, raos ingkang kito ana2ake piyambak. Engkang pundi piantun engkang saweg nandang raos puniko ugi mangertosi bilih piambake saweg nandang perkawis ingkang semestine dipun tilar. Milo ulama dawuh :
الكسل هو التكاسل عما لاينبغي التكاسل عنه
Males iku, roso abot agawe bagus kang diana2ake. (wonten bahasa Indonesia dipun artiaken : merasa berat untuk berbuat baik utawi memperberat diri untuk berbuat baik)
Kulo panjenengan saged pinanggih raos mekaten keranten gadahi nafsu engkang dipun gandeng dening syaitan, milo mbetah2i anggenipun kulo panjenengan ngamal sholeh kalebet perkawis ingkang ageng tur diganjar menggahing Alloh SWT. Alloh SWT nyebatake wonten Alqur’an bilih raos utawi sifat males puniko kalebet ciri utawi kebiasaanipun tiyang munafiq.
ولا يأتون الصلاة إلا وهم كسالى ولا ينفقون إلا وهم كارهون
Wong2 munafiq iku ora nekani Sholat kejobo sarono males lan ora podo infaq kejobo sarono sengit (Q.S At Taubah : 54)
وإذا قاموا الى الصلاة قاموا كسالى يرائون الناس ولايذكرون الله إلا قليلا
Lan naliko wong2 munafiq iku jumeneng tumuju Sholat, moko deweke kabeh jumeneng sarono males, sarono pamer marang manungso lan ora emut marang Alloh kajobo mung sitik (Q.S An Nisa’ 142)
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Katah sanget anggenipun Alloh SWT paring emut dumateng kulo panjenengan sami babagan masalah ngamal sholeh puniko, antawisipun wonten Alqur’an :
وقل اعملوا فسيرى الله عملكم ورسوله والمؤمنون
Lan Dawuho siro Muhammad : Podo ngamalo siro kabeh, mongko Alloh SWT, Rosule lan kabeh wong2 kang podo iman bakal ngaweruhi marang ‘amal siro kabeh (Q.S At Taubah : 105)
واعملوا صالحا إني بما تعملون عليم
Lan podo ngamalo bagus siro kabeh, saktemene ingsun Alloh iku Ngaweruhi marang opo wae kang ngamal siro kabeh (Q.S Al Mu’minun : 51)
ولا تعملون من عمل إلا كنا عليكم شهودا إذ تفيضون فيه
Lan ora ngamal siro kabeh ing siji amal kajobo ingsung dadi seksi ingatase siro kabeh naliko ngelakoni siro kabeh (Q.S Yunus : 61)
أني لا أضيع عمل عامل منكم من ذكر او أنثى
Setuhune ingsun ora bakal niya2ake amale wong siji saking siro kabeh lanang utowo wadon (Q.S Ali Imron : 195)
من عمل سيئة فلا يجزى إلا مثلها ومن عمل صالحا من ذكر او أنثى وهو مؤمن فأولئك يدخلون الجنة يرزقون فيها بغير حساب
Sopo wonge kang ngamal olo moko bakal nompo piwales kang sebanding lan sopo wonge kang ngamal bagus, lanang utowo wadon sarono iman, moko deweke kabeh bakal melbu suwargo tur kaparingan rizki tanpo itung2 ono ing jerone suwargo (Q.S Ghofir : 40)
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Amal sholeh utawi amal bagus wonten mriki, sedoyo amalan ingkang sah menggahing Islam, amalan wajib utawi sunnah; ageng utawi alit; lan amalan lelampah utawi pengucap. Sedoyo wau sahe menggahing Agami lan bakal dipun ganjar dening Alloh SWT. Milo semanten katah ayat Alqur’an ingkang nyriosaken babagan ngamal sholeh, kulo panjenengan monggo sesarengan ngginaake sedoyo kekiatan lahir batin kangge ngamal sholeh tumuju marang karidaan Alloh SWT kangge nerampi kesahenan2 ingkang dipun janjeaken Alloh SWT wonten alam dunyo puniko, langkung2 mbenjang wonten alam kalanggenagan.
Mugi sekedik pangertosan wonten khutbah meniko saged dados tambahing greged kulo panjenengan sami kangge ngabekti wonten ngarsanipun Alloh SWT lan Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Amin ya Robbal ‘alamin
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم

0 komentar:

Posting Komentar