Senyum Itu Sedekah.

Syukur merupakan kualitas Hati yang terpenting. dengan berSyukur kita akan diliputi rasa Damai, Tenteram dan Bahagia.

Alloh is Love Us

ada keCintaan Alloh yang akan terbuka dibalik semua ujian-Nya.

Persahabatan itu Indah

Persahabatan bagaikan sekotak Crayon, berbeda-beda dan penuh warna. tapi jika mereka bersama, mereka dapat membuat Pelangi yang Indah.

Keteguhan Modal Keberhasilan

Anak Muda yang Kreatif tidak lama mengeluh dalam kesulitan. Dia cepat menemukan cara mengatasi kesulitan.

...

.....

Jumat, 24 November 2023

OJO AGAWE ISTIGHLAL

 


OJO AGAWE ISTIGHLAL

(NGGUNAAKE KESEMPATAN AMAL SHOLEH

KANGGO GOLEK DUNYO)

 

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..

قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال

Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo

Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal kesahenan2 ingkang dipun janjiaken Alloh wonten Al Qur’an. Amin.

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Alloh SWT sampun dawuh wonten Al Qur’an :

وَاٰتُوا الْيَتٰمٰى اَمْوَالَهُمْ وَلَا تَتَبَدَّلُوا الْخَبِيْثَ بِالطَّيِّبِ ۖ وَلَا تَأْكُلُوْا اَمْوَالَهُمْ اِلٰى اَمْوَالِكُمْ ۗ اِنَّه كَانَ حُوْبًا كَبِيْرًا

Artosipun : lan podo menehake siro kabeh ing bondo-bondone bocah yatim, sarto ojo nukar perkoro kang olo kelawan kang bagus, lan ojo podo mangan siro kabeh ing bondo2ne deweke kabeh marang bondo2 iro. Saktemene kang mengkono iku duso kang gede (An-Nisa’ : 2)

Ngeramut bocah yatim puniko kalebet amaliyah ingkang sanget mulyo lan bakal diwenehi derajat luhur menggahing Alloh SWT benjang wonten alam akhirat, sahinggo Rosululoh SAW piambak dawukahe bilih tiyang ingkang ngeramut bocah yatim puniko bakal cedak derajate kelawan Nabi Muhammad SAW. Nanging kenyataanipun awit zaman rumiyen katah sanget tiyang igkang ngeramut bocah yatim justru malah ngagem kesempatan puniko kagem ngumpulake bondo dunyo ingkang sifatipun pribadi. Milo kanti teges Alloh SWT paring peringatan wonten Al Qur’an supados perkawis puniko dipun tebihi, keranten puniko kalebet agawe dzolim marang bocah yatim.

Saking ayat ing nginggil kolowau, Imam Sudiyy ndawuhaken bilih pancen leres wonten tiyang ingkang tegel ngijoli kewan ternake bocah yatim kang lemu kelawan kewan tenak ingkang kuru. Lan ugi wonten ingkang tegel nyampur bondone bocah yatim mau kelawan bondone deweke, sahinggo kanti mboten sadar tiyang ingkang ngeramut kolowau mangan bandane bocah yatim kanti dalih amergo deweke kang wes ngeramut bocah yatim mau. Lan wonten ugi ingkang ngarepake warisan soko tiyang sepahe bocah yatim kan sampun ninggal puniko. sedoyo perkawis puniko, kalebet perkawis ingkang awon, ingkang tercela, ingkang dipun getingi dening Alloh SWT. Babagan punikolah ingkang kawastanan ISTIGHLAL,, inggih puniko nggunaake kesempatan kanggo merkoleh bondo dunyo utawi keuntungan pribadi kanti dalih ngeramut bocah yatim.

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Perkawis Istighlal puniko saged ugi katatrapan dateng sinten ke mawon, mboten namung dating tiyang ingkang ngeramut bocah yatim wau. Ananging saged ugi katatrapan dateng poro pejabat, poro guru, kiyai, pegawai lan sanes-sanesipun. Keranten Istighlal kalebet tipu dayanipun Syaitan, tujuanipun supados tiyang ingkang saweg nandang amaliyah sahe utawi tugas mulyo puniko rusak amale, sahinggo mboten manfaati benjang wonten alam akhirat.

Milo rikolo rumiyen, Rosululloh SAW nate ndawuhake Shohabat Abu Mas’ud Al Anshori ingkang wekdal puniko berangkat dipun tugasaken dening Rosululloh SAW. Kanti dawuhipun :

انطلق يا ابا مسعود.. لا اُلفينك يوم القيامة.. تجيْء وعلى ظهرك بعير من ابل الصدقة له غُراء قد غَلَلْته

Budalo siro he Abu Mas’ud,,ojo sampek aku mbesuk ketemu siro ono ing dino qiyamat, hale kahanan ono ing geger iro ono unto sedekah kang jerit soko hasil iro istighlal / korupsi… HR Abu Dawud

Wonten hadist puniko nedahaken bilih kanjeng nabi sampun estu manti2 dateng Shohabatipun puniko supados sampun ngantos ngginaake kesempatan amanah ingkang dipun emban puniko kagem merkoleh keuntungan ingkang sifatipun pribadi. Ingkang Bahasa sakmeniko dipun sebat kanti korupsi.

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Wonten kahanan ingkang sanesipun ugi sami, kados toh ingkang dados guru, dados pamong, dados kepala keluarga, dados pemborong, dados tukang, lan sanes-sanesipun. Puniko mboten bakalan lepas saking jebakan syaitan arupi pendamelan istighlal puniko. Mulo kulo panjenengan sami kedah ngati-ngati saestu ingdalem nindaake sedoyo amanah. Estu2 kito tindaake kanti linambaran manah ingkang ikhlas ingkang dipun sarangi kanti pados pangertosan babagan halal lan harom. Supados ingdalem nindaake sedoyo amanah puniko mboten ngeliwati wates ingkang dipun garisaken dening agami Islam.

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Tiyang ingkang Istighlal ingdalem amanahipun puniko kalebet tiyang ingkang khiyanat. Lan tiyang ingkang khiyanat bakal dipun suwuni tanggungjawab ageng benjang wonten dinten Qiyamat.

 

وَمَا كَانَ لِنَبِيٍّ اَنْ يَّغُلَّ ۗوَمَنْ يَّغْلُلْ يَأْتِ بِمَا غَلَّ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۚ ثُمَّ تُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ

Ora ono kaduwe Nabi iku sifat Istighlal (golek keuntungan kanggo awake dewe). Sopo wonge kang nglakoni istighlal, moko mbesuk ing dino qiyamat bakal mikul opo kang den istighlali. Nuli saben awak2an iku bakal den wales sampurno miturut opo kang den lakoni, lan deweke kabeh ora den dzholimi. (QS Ali Imron : 161)

 

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Mugi kulo panjenengan sami ingdalem pagesangan puniko saged nindaake sedoyo amanah kanti sahe miturut toto aturanipun Alloh SWT lan saged selamet saking sedoyo penggawean istighlal.

Mekaten sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugio saged paring manfaat lan saged ngamalaken wonten pagesangan puniko,,, Amin Ya Robbal ‘alamin.

 

وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-

بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم