Sabtu, 30 September 2023

KASHOLEHAN KANG MANFAATI MARANG WONG TUO LAN ANAK PUTU


KASHOLEHAN KANG MANFAATI

MARANG WONG TUO LAN ANAK PUTU

 

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..

قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال

Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo

Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal kesahenan2 ingkang dipun janjiaken Alloh wonten Al Qur’an. Amin.

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Alloh SWT sampun dawuh wonten Al Qur’an :

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَاتَّبَعَتْهُمْ ذُرِّيَّتُهُمْ بِاِيْمَانٍ اَلْحَقْنَا بِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَمَآ اَلَتْنٰهُمْ مِّنْ عَمَلِهِمْ مِّنْ شَيْءٍۗ كُلُّ امْرِئٍ ۢبِمَا كَسَبَ رَهِيْنٌ

Artosipun : Lan wong2 kang podo Iman lan ugo anak putu kang anut deweke ingdalem keimanane, moko Ingsung sambungake deweke kelawan anak putune. Lan babar pisan ora Ingsung sudo songko amale deweke kabeh. Saben2 wong iku ka-ikat kelawan opo kang wis den amalake. (At-Thur : 21)

Keimanan puniko sanget ageng reginipun, puniko ingkang mengke nentoake kulo panjenengan sami selamet lan mbotenipun wonten alam akhirat. Mulo poro ulama ndawuhake yen kapan kulo panjenengan sami kapureh ngeramut lan jagi kaimanan ngantos dumigi pejah sowan marang Alloh SWT.

Ngeramut lan njagi kaimanan wonteng mongso2 sakmeniko sanget abot, mbetahake perjuangan ingkang saestu, mboten naming keranten sanget katah gudo lan fitnahipun. Milo saking puniko kulo panjengan sami kedah saestu cecekalan dateng poro alim ulama ingkang jejeg istiqomah lan sambung marang Alloh. Ugi kedah seneng ngaji pados pangertosan babagan ilmu agami, kagem njagi amaliyah kulo panjenengan sami supados ngleresi punopo ingkang sampun dipun atur dening Alloh SWT. Selajengipun ugi babagan dedaharan kulo panjenengan sami, puniko kedah saestu dahar kelawan daharan2 ingkang estu2 halal menggahipun syari’at. Artosipun wonten ing mriki kulo panjenengan sami kedah pados rizki ingkang halal, senajan rekoso ananging rizki ingkang halal bakal nentremake ing manah.

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Kaimanan ingkang sahe puniko nedahake kualitas kaislaman ingkang sahe ugi. milo kedah kulo panjenengan ramut saestu. Keranten nyatanipun ing saat puniko sampun jelas bilih soyo majeng soyo nedahake mandapipun kaimanan ummat puniko senajan secara jumlah, umat Islam soyo katah.

Selajengipun kulo panjenengan ugi awit saat puniko kedah anggadahi pamanggih kados pundi caranipun supados kaimanan anak turun kulo panjenengan sami ugi kedah kuat lan sahe. Sampun ngantos kulo panjenengan mboten nggatosake kaimanan anak putu puniko.

Nabi Ya’kub AS mawon ingkang sampun jelas2 keluarga ingkang Sholeh, puniko tansah nangletaken dateng poro putra2nipun babagan kaimananipun.

..مَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ بَعْدِيْ قَالُوْا نَعْبُدُ اِلٰهَكَ وَاِلٰهَ اٰبَاۤىِٕكَ اِبْرٰهيمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ اِلٰهًا وَّاحِدًا 

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Kanjeng Nabi nate ndawuhake ing antawisipun bilih dungo putro putri ingkang sholeh kagem tiyang sepuhipun puniko manfaati kagem tiyang sepuhipun. Hinggo dipun ceritaake dening Rosululloh SAW bilih wonten alam akhirat wonten tiyang sepuh ingkang gumun kelawan derajate ingkang san soyo mundak2. Lajeng dipun terangaken bilih mundake derajat mau sebab dungane putra/putrine marang deweke.

Milo poro hadirin…

Menawi kaimanan lan kesholehan anak putu mawon saged manfaati tumrap tiyang sepuhipun, tampunipun kaimanan lan kasholehan tiyang sepuh ugi langkung bakal manfaati tumrap putra/putrinipun kadosdene kasebat kolowau wonten ing AlQur’an Surat At Thur ayat 21.

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Ing antawis manfaat saking kaimanan lan kasholehan tiyang sepuh tumrap anak putunipun inggih puniko :

1.    Alloh SWT bakal njagi jiwa lan raganipun. Puniko saged dipun pundut contoh saking kedadosan Nabi Khidir ingkang dipun utus Alloh ndandosi griyanipun lare yatim ingkang tiyang sepuhipun puniko tiyang ing iman lan sholeh.

وَاَمَّا الْجِدَارُ فَكَانَ لِغُلٰمَيْنِ يَتِيْمَيْنِ فِى الْمَدِيْنَةِ وَكَانَ تَحْتَه كَنْزٌ لَّهُمَا وَكَانَ اَبُوْهُمَا صَالِحًا ۚ

Ibnul Munkadir ugi ndawuhake babagan puniko :

إنَّ اللهَ تعالى يَحْفَظُ الْعَبْدَ الْمُؤْمِنَ فِي وَلَدِهِ وَفِي وَلَدِ وَلَدِهِ وَيَحْفَظُهُ فِي دُوَيْرَتِهِ وَفِي دُوَيْرَاتٍ حَوْلَهُ...

Alloh SWT bakal njogo anak turun kawula kang iman, lan ugo njogo omahe deweke lan omahe wong kang ono ing kiwo tengene wong mukmin mau.

 

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

2.    Alloh SWT bakal njamin kesahenan dunyo lan akhirotipun. Artosipun bakal maringi cukup kagem gesangipun sedoyo anak putunipun.

Cerito ingkang sampun masyhur babagan puniko inggih puniko bilih Kholifah Umar bin Abdul Aziz naliko bade kapundut, piambake manggil sedoyo putra putrinipun sakperlu naming paring wewarah bilih : he anak2 ku kabeh, uwong iku ono werno loro, 1 wong sholeh, sing endi Alloh bakal nyukupi uripe kawulane kang sholeh. 2 wong ora sholeh, sing endi aku ora bakal menehi warisan kang bakal kanggo maksiyat marang Alloh.

Nanging nyatanipun poro rawuh, keranten sebab saking sahe iman lan kasholehanipun Kholifah Umar bin Abdul Aziz puniko, sedoyo putra putrinipun dados putra putri ingkang sahe lan kacukupan, senajan mboten dipun paring warisan bondo saking tiyang sepuhipun.

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Terakhir pelajaran saking kemanfaatan kaimanan lan kasholehan ingkang paling ageng inggih puniko bilih sedoyo tingan ingkang mukmin bakal pikantuk Syafaat Rosululloh SAW benjang wonten alam akhirat. Lan mugi kulo panjenengan saged kalebet ingkang pikantuk syafaat puniko Aamiin.

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Mekaten sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugio saged paring manfaat lan saged ngamalaken wonten pagesangan puniko,,, Amin Ya Robbal ‘alamin.

 

وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-

بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم

Lokasi: Indonesia

0 komentar:

Posting Komentar