Senyum Itu Sedekah.

Syukur merupakan kualitas Hati yang terpenting. dengan berSyukur kita akan diliputi rasa Damai, Tenteram dan Bahagia.

Alloh is Love Us

ada keCintaan Alloh yang akan terbuka dibalik semua ujian-Nya.

Persahabatan itu Indah

Persahabatan bagaikan sekotak Crayon, berbeda-beda dan penuh warna. tapi jika mereka bersama, mereka dapat membuat Pelangi yang Indah.

Keteguhan Modal Keberhasilan

Anak Muda yang Kreatif tidak lama mengeluh dalam kesulitan. Dia cepat menemukan cara mengatasi kesulitan.

...

.....

Rabu, 21 Juni 2023

KEWAJIBAN HAJJI

 


KEWAJIBAN HAJJI 

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..

قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال

Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo

Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal kesahenan2 ingkang dipun janjiaken Alloh wonten Al Qur’an. Amin.

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Saat2 meniko kulo panjenengan sami saweg wonten ing sakjeroning wulan Dzul Qo’dah, utawi wulan selo. Wulan ingkang mulyo, ingkang kalebet salah setunggaling asyhurul hurum ingkang kasebat wonten AlQur’an, inggih puniko Dzul Qo’dah – Dzul Hijjah lan Muharrom.

Dzul Qo’dah dipun arani wulan mulyo keranten ing antawisipun sedoyo umat Islam berangkat nindaake ibadah Haji awit wulan puniko, lan ugi wulan ingkang dipun anjuraken supados ampun sami agawe anioyo dumateng awak piambak utawi tiyang sanes. Sahinggo tiyang2 arab zaman rumiyen sami kendel mboten perang lan mboten lelungan ing sakjerone wulan puniko.

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Ibadah hajji puniko salah setunggaling rukun islam, setunggaling pondasi islame kulo panjenengan sami, milo sedoyo ummat islam ingkang mampu puniko wajib nindaake ibadah haji lan umroh seumur ambal kaping pisan. Kadosdene dawuhipun Alloh SWT :

............... وَلِلَّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ البَيتِ مَنِ استَطَاعَ إِلَيهِ سَبِيلاۚ وَمَن كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ العَٰلَمِينَ ٩٧

“... lan (setengah saking) kewajiban manungso marang Alloh yoiku nindaake ibadah hajji marang baitulloh, yoiku kanggone wongkang kuoso nindaake perjalanan. Lan sopo wonge ingkar marang kewajiban hajji, moko temen Alloh iku moho sugih (ora butuh) soko sekabehe alam” (Q.S Ali Imron : 97)

Lan ugi kanjeng nabi Muhammad SAW sampun paring pepeleng dumateng sinten mawon ingkang sampun anggadahi bekal lan mampu nindaake perjalanan ibadah hajji, ananging piambake mboten purun nindaake hajji moko den hawatirake mbenjang pejah ingdalem kahanan Yahudi utawi Nashroni, Na’udzubillah tsumma na’udzubillah :

قال عليه الصلاة والسلام : من ملك زادا و راحلة تُبلِّغُه الى بيت الله ثم لم يحج فلا عليه ان يموت يهوديا او نصرانيا

Meniko salah setunggal peringatan keras saking kanjeng Nabi babagan puniko. Milo saestu mboten prayugi tumraping sedoyo ummat islam ingkang sampun mampu puniko nunda2 saking nindaaken ibadah hajji lan umroh.

Milo ningali katerangan kanjeng nabi puniko saestu kulo panjenengan sami monggo awit wekdal puniko nedahake niat ingkang ikhlas, niat lan azam ingkang kuat kagem nindaake kewajiban rukun islam ingkang nomer 5 puniko kagem nyempurnaake bangungan islam kulo panjenengan sami. Senajan kenyataanipun, kulo panjenengan sampun mangertos bilih kagem nindaaken hajji puniko kedah antri mapinten2 tahun, ananging paling mboten kagem tiyang ingkang sampun mampu lajeng piambakipun daftar hajji, lajeng antri dangu, milo piambakipun sampun gugur kewajibanipun lan mboten ketatrapan duso keranten ninggal ibadah hajji kados dene hadis kasebat kolowau.

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Ingkang kawastanan mampu wonten babagan haji lan umroh puniko poro hadirin, inggih puniko anggadahi bekal dzohir lan bekal batin, bekal batin kanti iman lan taqwa dateng Alloh SWT, lajeng bekal dzohir inggih puniko anggadahi bekal utawi sangu lan biaya kagem nindaake perjalanan ibadah puniko awit berangkat dumugi wansulipun, lan ugi anggadahi bekal kagem nyekapi kewajiban nafaqoh keluarga ingkang dipun tilar selami hajji lan umroh.

Ananging ingkang perlu kulo panjenengan sami gatosaken inggih puniko bilih sedoyo kemampuan puniko dumuginipun saking pangarsanipun Alloh SWT. Dzat ingkang Moho Kuwaos. Milo mboten pandang tiyang niku Sugi utawi Faqir, puniko sedoyo kedah anggadahi niat lan azam ingkang kuat kagem nindaake kasempurnaan rukun islam puniko. Sarono ngatah2ake dungo supados dipun paringi kemampuan dening Alloh SWT.

Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh

Gambaran kanjeng Nabi ndawuhake ing hadis kasebat kolowau mboten namung ugi keranten saking pentinge kulo panjenengan dados kawulanipun Alloh SWT supados purun berkorban nopoke mawon kagem netepi pengabdian / ibadah dateng Alloh, termasuk berkorban kagem tindak hajji lan umroh. Lan ugi keranten saking agengipun ganjaran ingkang dipun janjiaken dening Alloh SWT kagem sinten ingkang nindaake ibadah hajji lan umroh puniko.

Ing antawisipun kanjeng nabi ndawuhake :

افضل الجهاد حج مبرور

“utama2ne jihad (berkorban) yoiku ngibadah hajji” (HR Bukhori : 1520)

وَأَنَّ الحَجَّ يَهْدِمُ مَا كَانَ قَبْلَهُ

“lan saktemene ngibadah hajji iku bakal nggempur opo kang ono ing sakdurunge” tegese nggempur / nglebur duso2 sak durunge (HR Muslim)

من حج البيت فلم يرفث ولم يفسق رجع كما ولدته امه ( وفي رواية : خرج من ذنوبه كيوم ولدته امه)

“sopo wonge kang hajji, banjur deweke ora agawe olo lan ugo ora ngucap kang olo, moko deweke metu soko dusa2ne koyodene deweke den lahirake soko padaran ibune” (HR. Ad Darimi)

العمرة الى العمرة كفارة لما بينهما, والحج المبرور ليس له جزاءٌ إلا الجنة

“ngibadah umroh siji tumeko marang ngibadah umroh liyane iku dadi pangleburing duso kang ono ing antarane umroh karone, lan ngibadah hajji kang mabrur.. ora ono piwales (soko Alloh) kejobo amung surgo” (HR Bukhori)

Hadirin Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh

Milo saksampunipun kito mangertosi sekedik katerangan ing khutbah puniko, monggo sesarengan kulo panjenengan gede-ake niat lan azam kagem nindaake ibadah hajji lan umroh puniko, kagem netepi kewajiban lan nyempurnaake pengabdian kulo panjenengan ngibadah dateng Alloh SWT. Lan mugi lumantar niat lan azam ingkang kuat puniko Alloh nyataake kulo panjenengan sami tindak ibadah hajji lan umroh Amin Ya Robbal ‘alamin.

 

وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-

بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم