KASHOLEHAN KANG MANFAATI
MARANG WONG TUO LAN ANAK PUTU
الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي
لولا ان هدانا الله. اشهد
ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار
ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها
المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل
لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو
الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin
jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo
dumateng Alloh) kanti nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun.
Mugi kelawan taqwo meniko kito saged angsal kesahenan2 ingkang dipun janjiaken
Alloh wonten Al Qur’an. Amin.
Jama’ah jum’ah hafidzokumulloh
Alloh
SWT sampun dawuh wonten Al Qur’an :
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَاتَّبَعَتْهُمْ
ذُرِّيَّتُهُمْ بِاِيْمَانٍ اَلْحَقْنَا بِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَمَآ
اَلَتْنٰهُمْ مِّنْ عَمَلِهِمْ مِّنْ شَيْءٍۗ كُلُّ امْرِئٍ ۢبِمَا كَسَبَ
رَهِيْنٌ
Artosipun
: Lan wong2 kang podo Iman lan ugo anak putu kang anut deweke ingdalem
keimanane, moko Ingsung sambungake deweke kelawan anak putune. Lan babar pisan
ora Ingsung sudo songko amale deweke kabeh. Saben2 wong iku ka-ikat kelawan opo
kang wis den amalake. (At-Thur : 21)
Keimanan
puniko sanget ageng reginipun, puniko ingkang mengke nentoake kulo panjenengan
sami selamet lan mbotenipun wonten alam akhirat. Mulo poro ulama ndawuhake yen
kapan kulo panjenengan sami kapureh ngeramut lan jagi kaimanan ngantos dumigi
pejah sowan marang Alloh SWT.
Ngeramut
lan njagi kaimanan wonteng mongso2 sakmeniko sanget abot, mbetahake perjuangan
ingkang saestu, mboten naming keranten sanget katah gudo lan fitnahipun. Milo
saking puniko kulo panjengan sami kedah saestu cecekalan dateng poro alim ulama
ingkang jejeg istiqomah lan sambung marang Alloh. Ugi kedah seneng ngaji pados
pangertosan babagan ilmu agami, kagem njagi amaliyah kulo panjenengan sami
supados ngleresi punopo ingkang sampun dipun atur dening Alloh SWT.
Selajengipun ugi babagan dedaharan kulo panjenengan sami, puniko kedah saestu
dahar kelawan daharan2 ingkang estu2 halal menggahipun syari’at. Artosipun
wonten ing mriki kulo panjenengan sami kedah pados rizki ingkang halal, senajan
rekoso ananging rizki ingkang halal bakal nentremake ing manah.
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Kaimanan
ingkang sahe puniko nedahake kualitas kaislaman ingkang sahe ugi. milo kedah
kulo panjenengan ramut saestu. Keranten nyatanipun ing saat puniko sampun jelas
bilih soyo majeng soyo nedahake mandapipun kaimanan ummat puniko senajan secara
jumlah, umat Islam soyo katah.
Selajengipun
kulo panjenengan ugi awit saat puniko kedah anggadahi pamanggih kados pundi
caranipun supados kaimanan anak turun kulo panjenengan sami ugi kedah kuat lan
sahe. Sampun ngantos kulo panjenengan mboten nggatosake kaimanan anak putu
puniko.
Nabi
Ya’kub AS mawon ingkang sampun jelas2 keluarga ingkang Sholeh, puniko tansah
nangletaken dateng poro putra2nipun babagan kaimananipun.
..مَا
تَعْبُدُوْنَ مِنْ بَعْدِيْ قَالُوْا نَعْبُدُ اِلٰهَكَ وَاِلٰهَ اٰبَاۤىِٕكَ
اِبْرٰهيمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ اِلٰهًا وَّاحِدًا
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Kanjeng
Nabi nate ndawuhake ing antawisipun bilih dungo putro putri ingkang sholeh
kagem tiyang sepuhipun puniko manfaati kagem tiyang sepuhipun. Hinggo dipun
ceritaake dening Rosululloh SAW bilih wonten alam akhirat wonten tiyang sepuh
ingkang gumun kelawan derajate ingkang san soyo mundak2. Lajeng dipun
terangaken bilih mundake derajat mau sebab dungane putra/putrine marang deweke.
Milo
poro hadirin…
Menawi
kaimanan lan kesholehan anak putu mawon saged manfaati tumrap tiyang sepuhipun,
tampunipun kaimanan lan kasholehan tiyang sepuh ugi langkung bakal manfaati
tumrap putra/putrinipun kadosdene kasebat kolowau wonten ing AlQur’an Surat At
Thur ayat 21.
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Ing
antawis manfaat saking kaimanan lan kasholehan tiyang sepuh tumrap anak
putunipun inggih puniko :
1.
Alloh
SWT bakal njagi jiwa lan raganipun. Puniko saged dipun pundut contoh saking
kedadosan Nabi Khidir ingkang dipun utus Alloh ndandosi griyanipun lare yatim
ingkang tiyang sepuhipun puniko tiyang ing iman lan sholeh.
وَاَمَّا الْجِدَارُ فَكَانَ لِغُلٰمَيْنِ
يَتِيْمَيْنِ فِى الْمَدِيْنَةِ وَكَانَ تَحْتَه كَنْزٌ لَّهُمَا وَكَانَ
اَبُوْهُمَا صَالِحًا ۚ
Ibnul Munkadir ugi ndawuhake babagan puniko :
إنَّ اللهَ تعالى يَحْفَظُ الْعَبْدَ الْمُؤْمِنَ فِي
وَلَدِهِ وَفِي وَلَدِ وَلَدِهِ وَيَحْفَظُهُ فِي دُوَيْرَتِهِ وَفِي دُوَيْرَاتٍ
حَوْلَهُ...
Alloh
SWT bakal njogo anak turun kawula kang iman, lan ugo njogo omahe deweke lan
omahe wong kang ono ing kiwo tengene wong mukmin mau.
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
2.
Alloh
SWT bakal njamin kesahenan dunyo lan akhirotipun. Artosipun bakal maringi cukup
kagem gesangipun sedoyo anak putunipun.
Cerito
ingkang sampun masyhur babagan puniko inggih puniko bilih Kholifah Umar bin
Abdul Aziz naliko bade kapundut, piambake manggil sedoyo putra putrinipun
sakperlu naming paring wewarah bilih : he anak2 ku kabeh, uwong iku ono werno
loro, 1 wong sholeh, sing endi Alloh bakal nyukupi uripe kawulane kang sholeh.
2 wong ora sholeh, sing endi aku ora bakal menehi warisan kang bakal kanggo
maksiyat marang Alloh.
Nanging
nyatanipun poro rawuh, keranten sebab saking sahe iman lan kasholehanipun
Kholifah Umar bin Abdul Aziz puniko, sedoyo putra putrinipun dados putra putri
ingkang sahe lan kacukupan, senajan mboten dipun paring warisan bondo saking
tiyang sepuhipun.
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Terakhir
pelajaran saking kemanfaatan kaimanan lan kasholehan ingkang paling ageng
inggih puniko bilih sedoyo tingan ingkang mukmin bakal pikantuk Syafaat
Rosululloh SAW benjang wonten alam akhirat. Lan mugi kulo panjenengan saged
kalebet ingkang pikantuk syafaat puniko Aamiin.
Hadirin
Jama’ah jum’ah ingkang minulyo Hafidzokumulloh
Mekaten
sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken, mugio saged paring manfaat lan
saged ngamalaken wonten pagesangan puniko,,, Amin Ya Robbal ‘alamin.
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ
لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا
بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي
ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات وذكر الحكيم وتقبل مني
ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم