Sabtu, 17 Februari 2018

LANGGENG BEBARENGAN ALLOH

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Naliko Rosululloh SAW wafat, sowan wonten ngarso dalem Alloh SWT, mongko sedoyo Shohabat sami ngraos kelangan, sami merunduk khusyuk sarono mular netes sedoyo eluh ipun, sedoyo sami mboten pitados bilih piantun ingkang sanget dipun tresnani puniko ninggalake Shohabat sedoyo. Naliko niku Sayyidina Umar RA mboten saged nahan raos sedihipun, sahinggo piyambake kanti ngliak ngliukake pedangipun sarono ngucap dumateng sedoyo poro Shohabat, “sopo wonge kang ngucap Rosululloh wafat, bakal ingsun putus gulune”. Ananging kahanan ingkang kados mekaten, jumeneng Sayyidina Abu Bakar kanti langkung tegas tur langkung nguat2ake roso sedihipun, piambake kanti suara lantang dawuh dumateng sedoyo Shohabat :
من كان يعبد محمدا فإن محمدا قد مات ومن كان يعبد الله فإن الله حي لا يموت
Sopo wonge kang nyembah Muhammad, mongko setuhune Muhammad wes Wafat, ananging sopo wonge kang nyembah marang Alloh mongko setuhune Alloh Moho Gesang ora bakalan mati selawase.
Banjur saklajengipun piambake ndawuhake Firman Alloh :
وما محمد إلا رسول قد خلت من قبله الرسل . أفإن مات او قتل انقلبتم على أعقابكم...
Ora ono utawi Muhammad iku mung kejobo Rosul (Utusan), wes keliwat piro-piro utusan sakdurunge deweke, (mulo) onoto lamun deweke wafat utawi gugur sliramu areb bali marang mongso biyen maneh…? (Q.S Ali Imron : 144)
Jamaah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Mireng ingkang dipun dawuhaken dening Shohabat Abu Bakar RA, mulo poro Shohabat sami sadar bilih sampun titiwancine piantun ingkang banget dipun tresnani meniko sowan wonten ngarso dalem Dzat ingkang Langgeng Alloh SAW, mboten kewaji ugi Sayyidina Umar, piambake sadar saro dawuh : “koyok2 aku ora tahu moco ayat iki…”
Jamaah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Alloh SWT meniko Dzat ingkang langgeng, lan sedoyo nopoke mawon ingkang liyane Alloh SWT puniko bakalan sirno, mboten kejawi Rosulillah SAW.  Milo sinten ingkang netepi Islam kanti lillaahi Ta’ala moko Islam bakal langgeng ono ing awake, nanging kosokwansulipun sinten ingkang netepi Islam kanti mboten lillaahi Ta’ala, moko Islam bakal ilang songko awake. Menikolah ingkang kedadosan saksampunipun wafatipun Rosulillaah SAW.
Jamaah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Wonten ingkang perlu kulo panjenengan perhatosaken lan kito pundut hikmah saking menopo ingkang dipun dawuhaken Sayyidina Abu Bakar kolowau : sopo wonge kang nyembah marang Alloh mongko setuhune Alloh Moho Gesang ora bakalan mati selawase.
Wonten mriki artosipun bilih Alloh SWT puniko Dzat ingkang Moho Langgeng, milo sedoyo nopoke mawon ingkang dipun sandarake utawi dipun barengi kelawan dzat ipun Alloh SWT ugi bakal nderekkasaput kelawan cahyaning kalanggenganipun Alloh SWT. Amalan, Usaha utawi pendamelan nopoke mawon ingkang dipun awiti kanti lillaahi Ta’ala mboten bakal kandeg wonten tengah dalan. Balik bakalan langgeng tur marisi kesahenan2 dumateng ingkang ngamal kolowau lan ugi saged karaosake dumateng sedoyo kiwo tengenipun.
Jamaah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Lumampahing ngamal ingkang dipun pondasi kanti lillaahi Ta’aalaa puniko kadosdene wit2an kang nduweni oyot ageng tumancep ono ing jeroning lemah kanti jero, mulo wit2an kolowau mboten bakalan obah, rubuh utawi goyah sekedik mawon senajan wonten angina ingkang ageng. Sahinggo wonten kalam hikmah ingkang ndawuhake :
ما كان لله اتصل وما كان لغير الله انفصل
Opowae kang lumaku sarono kerono Alloh moko bakal sambung, nanging opowae kang lumaku sarono kerono liyane Alloh moko bakal putus utawi sirno.
Ugi dipun sebatake maleh :
من أخلص لله ظهرت بركة أثره
Sopo wonge kang ikhlas kerono Alloh, moko kaberkahan songko labete ngamal bakal katon utawi Nampak
Jamaah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Sedoyo wonten ngajeng kolowau maringi pelajaran dumateng kulo panjenengan sami bilih menawi kulo panjenengan sami ngarepake hasil ingkang maksimal lan terus-menerus tanpo putus saking ngamal ingkang dipun lampahi, mongko wajib kangge kulo panjenengan ndadosake Ikhlas lillaahi Ta’ala dados pondasi ingkang kiat saking ngamal kulo pajenengan meniko. Setunggal contoh ingkang sampun terkenal, bilih wonten kitab dasar Ilmu Nahwu wonten agami Islam ingkang dipun anggit dening Imam As Sonhaji. Naliko piambakipun rampung saking nulis kitab puniko, banjur piambakipun mboten pikantuk pengalem dugi sintenke mawon ananging justru pikantuk inoan / cacian dugi kiwo tengenipun. Akhiripun kangge nguji tingkat keikhlasanipun, mulo piambake mbuang kitab utawi tulisan puniko wonten segoro sarono ngucap wonten manahipun : “lamuno Aku nulis tulisan iki ikhlas kerono Alloh, tampu Alloh bakal njogo tulisan iki”. Lajeng nopo kedadosanipun, Maa syaa Alloohu laa Quwwata illaa bllaah, kanti qudrotipun Alloh SWT, kitab puniko mboten teles kelawan banyuning segoro, banjur dipun temu dening nelayan lan dipun sebarake isi saking kitab meniko hinggo sakmangke, milo saged kulo panjenengan mangertosi sesarengan bilih mboten wonten pesantren utawi universitas jurusan Ilmu Agami Islam pundike mawon ingkang mboten ndamel kurikulum kejawi wonten lebeting kurikulum niku wonten mata pelajaran Ilmu Nahwu ingkang dipun anggit dening Imam As Shonhaji kolowau.
Jamaah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Sedoyo kolowau, puniko keranten berkah ketulusan saking Ikhlas lillaahi Ta’ala, mugi kulo panjenengan sami saged netepi sedoyo ngamal kanti pondasi lillaahi Ta’ala.
Menikolah sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken…
Sekedik khutbah ing Jum’at meniko mugio saged paring manfaat dumateng kulo panjenengan sami sak keluargo, lan sumrambah dumateng sedoyo Ummat Islam Amin Ya Robbal ‘Alamin.
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم


0 komentar:

Posting Komentar