Sabtu, 17 Februari 2018

UBUUDIYYAH

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Ingkang kawastanan Ibadah inggih puniko nindaake perkawis kesahenan kangge murih ridhanipun Alloh SWT. Nanging kenyataan wonten dunyo puniko sekedik sanget saking Ummat Islam ingkang estu nindaake perkawis meniko kanti tujuan murih ridhanipun Alloh SWT. Sementara katah sanget ugi saking Ummat meniko ingkang dereng saged ngelahirake Ubuudiyyah wonten awakipun piyambak. Ubuudiyyah inggih puniko sikap purun ikhlas nerampi punopo ingkang dados putusanipun Alloh SWT dumateng pribadi ummat meniko. Antaraning Ibadah (ngabekti marang Alloh kanti murih ridhanipun) kalian Ubuudiyyah (nerampi sedoyo putusanipun Alloh) puniko kedah lumampah sesarengan wonten sedoyo pribadi kawulanipun Alloh, termasuk kulo panjenengan sami.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Ubuudiyyah meniko sanget erat hubunganipun kalian kaimanan kulo panjenengan sami kelawan Qodho’ lan Qodaripun Alloh SWT, ingkang pundi artosipun kulo panjenengan sami wajib nerampi kanti ikhlas pesten utawi putusan Alloh lan perlakuan Alloh dumateng kulo panjenengan. Kulo panjenengan wonten Agami Islam puniko kalebet tiyang ingkang Mukallaf, utawi tiyang ingkang nanggung beban kewajiban2 ingkang kedah dipun lampahi, awit saking wudhu, sholat 5 wekdal, puoso, zakat, paring nafkah keluargo, tumindak adil, amrih kesahenan lan sak panunggalipun. Nanging kejawi saking meniko, sejatosipun sedoyo wau kalebet pembebanan ingkang enteng utawi biasa. Wonten pembebanan2 ingkang sanes, Ingkang akal kulo panjenengan sami wekdal puniko terkadang dereng saged nerampi, nanging justru wekdal menikolah kito kedah saged taslim utawi pasrah tunduk keranten sampun dados toto aturanipun Alloh SWT. Kados dene kito ingkang saweg nandang kesusahan keranten daganganipun kirang pajeng, tanduranipun mboten panen, rizkinipun kirang lancar, anak turunipun kirang mranani ing ati lan lintu2nipun. Sedoyo puniko terkadang kirang pas menggahing akal kulo panjenengan, ingkang pundi padahal kulo panjenengan sampun damel ketaatan maring Alloh, nanging punopo taseh dipun paringi Alloh kelawan kesusahan kolo wau.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Contoh malih ugi terkadang akal kulo panjenengan dereng saged nerampi bilih punopo Alloh malah katah paring cubo dumateng ummat Islam, dumateng papan panggenan ingkang mayoritas Islam, kados dene negari Palestina ingkang mboten rampung2 nandang cubo perang. Lan ugi mongso rumiyen ingkang Alloh paring cubo dumateng ummat Islam wonten negeri Mesopotamia/ Baghdad ingkang dados kekejaman bongso Tartar, ngantos dipun criosaken bilih wekdal puniko Alqur’an sami dipun kalungaken marang Anjing kalean musuh, lan sedoyo kitab karanganipun Ulama2 Islam dipun buang wonten kali Dajlah utawi ingkang sakmeniko dipun jenengi sungai Tigris, sahinggo kali tigris puniko kebak kelawan kitab2 lan mangsi, lan ngantos saged kangge dalanan perang. Sahinggo crito puniko saged ndadosake setunggal Ulama Mesir, Syaikh Afifuddin mular lan matur dumateng Alloh: “Ya Alloh, punopo sedoyo puniko saged kedadosan?? Padahal wonten mriko katah sanget saking poro kawulo alit lan mboten kagungan duso??” ananging mboten dangu, sawijining dalu Syaikh Afifuddin meniko ngimpi dipun rawuhi setunggal tiyang ingkang maring kertas, sakjeroning kertas meniko wonten tulisan ingkang jawab keluh kesahipun Syaikh Afifuddin meniko :
دع الإعتراض فما الأمر لك # ولا الحكم في حركات الفلك
ولا تسأل الله عن فعله # فمن خاض لُجَّةَ البحر هلَكَ
Ninggalo siro ing ngelawan Alloh, kerono kabeh lumakune alam lan putusan dudu urusan siro
Lan ojo takon siro ing tumindake Alloh, sopo wonge kang melbu jerone segoro moko bakal rusak
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Artosipun ing mriki, naliko kulo panjenengan sami saweg nandang perkawis ingkang mengggahing akal pikiran kito kirang pas, mulo ingkang kedah kito riyenaken inggih puniko sikap pasrah utawi taslim lan ambagusi penyono marang Alloh SWT, lan ingkang terpenting maleh cepet anggenipun kulo panjenengan ngoreksi awak piyambak mbok2 menowo wekdal meniko kulo panjenengan saweg nglampahi duso marang Alloh SWT. Nanging menawi mboten saweg nglampahi duso, berarti wekdal meniko Alloh SWT saweg nguji kaimanan kulo panjenengan sami kanti “cubit sayangipun” Alloh SWT dumateng kulo panjenengan sami. Sahinggo naliko kulo panjenengan saged berusaha bersikap ingkang kados mekaten, milo bakal dipun gantos kalian Alloh SWT kanti tambah luhuring derajat lan kaimanan kito, sahinggo soyo caket marang Alloh SWT. Kulo panjenengan ugi kedah pitados bilih sedoyo ingkang kito terampi puniko perkawis ingkang paling bagus saking ngarsanipun Alloh SWT kangge kulo panjenengan.
Jamaah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Kahanan ingkang kulo panjenengan terampi sakbibaripun Do’a lan Usaha, meniko sedoyo putusan saking Alloh SWT lan Alloh ingkang langkung mangertosi kalian putusan meniko. Kewajiban kulo panjenengan sami inggih puniko, Dungo nyuwun dumateng Alloh banjur Usaha, Tawakkal / Pasrah, tunduk, iman kanti ambagusi penyono marang Alloh lan ngoreksi ing awak piyambak.
Wonten Hadis Qudsi Alloh Dawuh :
إن من عبادي من لا يصلح له إلا الغنى, ولو أفقرته لفسد حاله, و إن من عبادي من لا يصلح له إلا الفقر, ولو أغنيته لفسد حاله
Saktemene sebagian songko kawulaKu ono kan ora pantes nyandang kejobo nyandang Sugih, moko sekirane Aku ndadeake deweke faqir moko deweke bakal sengsoro, lan ugo ono sebagian songko kawulaKu kang ora pantes nyandang kejobo nyandang Faqir, moko sekirane Aku ndadeake deweke Sugih, moko deweke bakal sangsoro (HR Baghowi)
Jamaah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Menikolah sekedik khutbah ingkang saged kaaturaken…
Sekedik khutbah ing Jum’at meniko mugio saged paring manfaat dumateng kulo panjenengan sami sak keluargo, lan sumrambah dumateng sedoyo Ummat Islam Amin Ya Robbal ‘Alamin.
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم

0 komentar:

Posting Komentar