Sabtu, 17 Februari 2018

UKHUWAH ISLAMIYAH


الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Sedoyo ummat Islam puniko sejatosipun paseduluran lan mboten kengeng dipun pecah. Setunggal lan setunggalipun kedah saling mangertosi, saling menghargai lan saling nguatake ugi saling dungo dinungo. Paseduluran meniko kedah dipun jagi awit kulo panjenengan wonten ing alam dunyo puniko ngantos dumugi kulo panjenengan sowan wonten ngarso dalem Alloh SWT. Sampun ngantos paseduluran puniko cacat amung keranten perkawis dunyo utawi perkawis ingkang lumrah menggahing agami. Sebab gesang kulo panjenengan puniko sami-sami gesang tumuju marang karidanan Alloh SWT.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Paseduluran ingkang kasebat kolowau inggih puniko paseduluran ingkang dipun dasari kalian pondasi kuat, pondasi kaimanan wonten ngarso dalem Alloh SWT. Alloh SWT dawuh wonten Al Qur’an supados kulo panjenengan sami ambagusi paseduluran puniko :
إنما المؤمنون إخوة فأصلحوا بين أخويكم وتقوا الله لعلكم ترحمون
“setuhune wong-wong kang podo iman iku paseduluran kabeh, mulo podo ambagusi sliramu ing antaraning sedulur loro niro, lan wedio sliramu marang Alloh supoyo sliramu pinaringan Rohmat” (Q.S Al Hujurot : 10)
Ageng sanget angsalipun Alloh SWT njunjung kaum Muslimin. Sahinggo sedoyo hak-hakipun kajagi wonten Agami. Mboten kengeng antaraning Muslimin Mu’minin sami mundut tanpo hak ingkang halal senajan perkawis ingkang katingal remeh. Wonten ayat sakterasipun Alloh kelawan tegas ndawuhaken : bilih Alloh ngelarang kulo panjenengan saling memperolok, saling mencela lan saling memanggil sedulur kelawan sebutan ingkang awon. Alloh ugi ndawuhaken supados kulo panjenengan nebihi saking sifat olo penyono, nebihi saking pados kesalahan sedulur lan nebihi saking sifat menggunjing. Sedoyo kolowau keranten pendidikan wonten Agami Islam ingkang ngersaake kulo panjenengan saged menjunjung tinggi paseduluran wonten Agam Islam kados dene ingkang dipun lampahi dening poro shohabat Rosululloh SAW.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Kangge memupuk paseduluran ingkang kito ayahi wonten gesang kulo panjenengan ing alam dunyo meniko, lan supados langgeng dumugi akhirot, milo ingkang pertama kulo panjenengan perhatosaken inggih puniko, sesarengan kito ningali lan merhatosake saestu kelawan persamaan wonten ing pokok-pokok Agami ingkang mboten saged berubah lan mboten kengeng dipun rubah, sebab puniko sampun dipun garis dening Alloh SWT. Antawisipun : kulo panjenengan sami-sami kagungan 1 Pengeran ingkang kito sembah, Alloh SWT, sami-sami kagungan 1 Nabi Panutan inggih puniko Rosululloh SAW, sami-sami kagungan 1 kitab Suci inggih puniko Al Qur’anul Kariim, sami-sami kagungan 1 arah Qiblat ingdalen Sholat 5 wekdal kito inggih puniko Ka’bah Baitulloh wonten Makkatul Mukarromah lan sak panunggalipun.
Sedoyo wau sampun dipun garis dening As Syaari’ Alloh SWT. Ingkang pundi saking sedoyo wau nedahake supados kulo panjenengan ngriyenake persamaan katimbang perbedaan, sebab haqikating perbedaan wonten Agami Islam puniko namung kedadosan wonten ing masalah Furu’ utawi layining Pokok agami ke mawon.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Babagan puniko Gusti Rosululloh SAW dawuh :
من صلى صلاتنا واستقبل قبلتنا وأكل ذبيحتنا.. فذالك المسلم الذي له ذمة الله وذمة رسوله, فلا تَخْفِرُا الله في ذمته
Sopo wonge kang Sholat koyo sholat kito, lan madep marang Qiblat kito, lan maem ing coro sembelihan kito, moko iku wong Islam kang deweke duweni perlindungan Alloh lan Rosule, mulo ojo podo ngelanggar siro kabeh ing Alloh ingdalem perlindungane
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Perlindungan Alloh lan Rosule menikolah ingkang dados dasar kulo panjenengan njagi paseduluran wonten ing Agami Islam.
Sakterasipun kulo panjenengan kagungan kewajiban kangge saling mengenal setunggal lan setunggalipun ingkang pundi saklajengipun sesarengan tumuju ndepe2 marang Alloh SWT kelawan nedahake keto’atan kanti nderek poro salafunas sholih utawi poro kawulo ingkang sholih ingkang anggadahi hubungan kuat kalian Alloh SWT. Sebab kanti kempal sareng2 kawulo ingkang sholih lah kulo panjenengan saged ngalap kaberkahan saking Ilmu Agami islam, sahinggo gesang kulo panjenengan sami ing alam dunyo puniko saged katoto kanti rapi tur mboten medal saking garis Alloh SWT wonten agami Islam puniko.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Gesang bebarengan kaliyan kawulo ingkang Sholih puniko ugi kalebet setunggal ni’mat ingkang ugi sampun dipun contohake dening poro sesepuh kulo panjenengan sami awit saking Zaman poro Shohabat ingkang langsung gesang nyarengi Rosululloh SAW, banjur tumurun poro Tabi’in ingkang gesang nyarengi poro Shohabat, banjur tumurun poro Tabi’ut Tabi’in ingkang gesang nyarengi poro Tabi’in, banjur tumurun poro ulama’2 sepuh ingkang gesang nyarengi poro Tabi’ut Tabi’in, ngantos ulama’2 sepuh zaman sakmeniko ingkang nyarengi gesang poro ulama’2 sepuh zaman rumiyen. Artosipun kangge njagi paseduluran kulo panjenengan sami lan kangge njagi kemurnian Ilmu lan kangge njagi kelangsungan gesang kulo panjenengan sami ing alam dunyo ngantos dumugi ing alam akhirat mbenjang, perlu ingkang naminipun kito gesang nyarengi poro kawulanipun Alloh SWT ingkang shoolih.
Milo termasuk do’anipun Nabiyyulloh Yusuf Alaihissalam ing babagan meniko :
اللهم توفنا مسلمين وألحقنا بالصالحين
Duh Gusti Alloh mugi Panjenengan pejahi kulo ingdalem kahanan Islam lan mugi Panjenengan panggihaken kulo kelawan poro kawulo ingkang sholeh
Meniko khutbah ingkang saged kaaturaken…
Sekedik khutbah ing Jum’at meniko mugi manfaati dumateng kulo panjenengan sami sak keluargo, lan sumrambah marang sedoyo Ummat Islam Amin Ya Robbal ‘Alamin.
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم

0 komentar:

Posting Komentar