Sabtu, 17 Februari 2018

MULYANING KAWULO


الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Katah sanget kani’matan ingkang sampun kulo panjenengan terampi saking ngarso dalem Alloh SWT, sahinggo mboten wonten setunggal saking sedoyo makhluqipun Alloh SWT termasuk manungso ingkang saged milang2 sedoyo ni’matipun Alloh SWT. Ananging wonten mriki kawulo dalah panjenengan sami ingkang langkung penting saged mangertosi sesarengan bilih saking sedoyo ni’mat kolowau wonten setunggal anugrah ingkang ageng sanget, inggih puniko anugrah utawi ni’mat kawulo panjenengan pinaringan hidayah saged kelawan estu ngakoni kapengeranan Alloh SWT, ingkang Maha Mencipta lan ingkang langkung haq dipun sembah. Sedoyo kaindahan saking Alloh ingkang katingal mripat lan sedoyo peparing ingkang karaosake penak ing ati puniko mboten wonten arti lan maknanipun menawi mboten dipun barengi kanti kaimanan lan nyawijiake Alloh SWT. Dipun sebataken wonten Alqur’an :
قال ومن كفر فأمتعه قليلا ثم أضطره الى عذاب النار وبئس المصير
“lan marang wong-wong kafir, Aku menehi kasenengan sitik lan mung sedelo, nuli Aku pekso deweke melbu ing siksane neroko, ala2ne panggonanan bali (QS Al Baqoroh : 126)
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Mboten wonten kemewahan lan kaindahan rupo kados pundike mawon menawi dipun nut mbureni kanti kasengsaran lan sikso neroko, nanging kosokwansulipun mboten malih namine kasengsaran, kesedihan lan kepahitan menawi sedoyo wau dipun regani kanti kamewahan suwarganipun Alloh SWT. Saking mrikilah raos remen lan seneng ingkang sanget bade nyebarake gondo ingkang harum naliko mangertosi bilih tanduran kaimanan puniko milai tumbuh wonten sanubari kulo panjenengan sami. Milo sedoyo raos ino, putus asa lan asor bakalan sirno rikolo kulo panjengan ngrumaoso saweg wonten tengah2 parcaturak hidup sesarengan makhluqipun Alloh SWT. Wonten babagan meniko Alloh SWT paring kabar bungah wonten Al Qur’an :
ولا تهنوا ولا تحزنوا وأنتم الأعلون ان كنتم مؤمنين
“Ojo bersikap lemah lan susah sliramu kabeh, kerono sliramu kabeh iku kang paling duwur derajate naliko sliramu podo iman (QS Ali Imron :139)
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Ingkang namine bawahan ingkang bagus, sampun mesti piyambake bakal hormat lan nurut marang sedoyo nasehat lan perintah atasanipun. Semanten ugi kulo panjenengan ingkang ngrumangsani seneng lan remen anggadahi pengeran Alloh SWT, puniko kedah mujudake pengakuan lan roso seneng lan remen kito kanti usaha nebihi awisan2ipun Alloh SWT, banjur kulo panjenengan rawat kanti sahe sahinggo saged mbuahaken nilai2 pengabdian ingkang sahe wonten ngarsanipun Alloh SWT. Sampun ngantos kosokwansulipun pengakuan lan roso seneng lan remen kito dipun wujudake kanti kemaksiatan lan mboten purun dugeni kewajiban2 saking Alloh SWT.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Kenyataan wonten gesang kulo panjenengan meniko bilih secara mboten sadar temurunipun Anugrah lan ni’mat saking Alloh SWT puniko langkung katah katimbang pengabdian kulo panjenengan, nanging justru kito bales kanti kaluputan kang ora uwis2. Milo leres Firmanipun Alloh SWT wonten Hadis Qudsi :
يابن ادم ما انْصَفْتَني  أتحبَّبُ اليك بالنعم و تتمقَّتُ الي بالمعاصي. خيري اليك نازل وشرك الي صاعد
“He anak Adam, sliramu ora adil marang Aku, Aku ngarepake tresnamu kanti Aku menehi piro2 kani’matan, nanging malah sliramu mbales kanti kema’siyatan. kabagusanKu marang sliramu terus temurun, nanging malah akeh kealananmu kang munggah marang Aku”
Milo ingkang leres, ingkang kedah kulo panjenengan rubah saking kebiasaanipun ingkang umum inggih puniko, monggo sesarengan kulo panjenengan berusaha mbales kesahenan2 Alloh SWT kanti pengabdian2 ingkang sahe ingkang nekaake karidanan Alloh SWT.
Kulo panjenengan ugi betahake teladan2 ingkang patut kito tiru wonten gesang ing alam dunyo puniko, punopo niku kapundut saking gesangipun Rosululloh SAW, utawi poro Shohabat, Tabiin, Tabiut Tabiin lan utawi kapundut saking gesangipun poro Ulama2 salaf.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Setunggal kawulo aturaken saking teladan Sayyidina Ali KWJ ingkang wonten kaitanipun kaleh babagan meniko, inggih puniko, Sayyidina Ali KWJ naliko saben dalu wonten munajatipun Piyambakipun ngungkapake dawuh :
يا ألله, كفى فخرا أن تكون لي ربا وكفاني عزا ان اكون لك عبدا
“Ya Alloh, cekaplah raos puniko menawi Panjenengan dados Pengeran kulo, lan cekap ugi raos puniko menawi kulo dados Kawulo Panjenengan ingkang setia”
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Menikolah khutbah ingkang saged kaaturaken…
Sekedik khutbah ing Jum’at meniko mugi manfaati dumateng kulo panjenengan sami sak keluargo, lan sumrambah marang sedoyo Ummat Islam Amin Ya Robbal ‘Alamin.
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم

0 komentar:

Posting Komentar