Rabu, 24 Januari 2018

MIN WASHOYA SAYYIDINA ‘ALI KWJ (06. Ar Ridho bil Qodo)


 الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Imam ‘Ali bin Abi Tholib Karromalloohu Wajhah dawuh dumateng salah setunggaling Putranipun :
أوصيك يابني :
1.                       بتقوى الله تعالى في الغيب والشهادة
2.                       وبكلمة الحق في الرضا والغضب
3.                       وبالقصد في الغنى والفقر
4.                       وبالعدل مع الصديق والعدوّ
5.                       وبالعمل في النشاط والكسل
6.                       وبالرضا والشكر لله في الشدة والرخاء
Ingsun wasiat marang sliramu hai anakku :
1.    Kelawan Taqwo utowo wedi marang Alloh ingdalem kahanan sepi lan rame
2.    ngaturake kalimat kang haq (kalimat kang bener) ingdalem kahanan seneng lan bendu
3.    urip kanti sedeng, jejeg anteng ingdalem kahanan sugih lan faqir
4.    netepi agawe adil marang konco lan musuh
5.    netepi ngamal ingdalem kahanan sregep lan males
6.    Ridho nriman lan Syukur marang Alloh ingdalem kahanan susah lan seneng
Puniko 6 wasiyat Sayyidaina Ali ingkang dipun wasiyataken dumateng putranipun.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Jum’at puniko kulo panjenengan lumebet wonten wasiyat terakhir, ongko 6, inggih punikoRidho nriman lan Syukur marang Alloh ingdalem kahanan susah lan seneng”
Wonten mriki kulo panjenengan dipun wulang dening agami Islam bilih kulo panjenengan wonten babagan hubungan kalian Alloh SWT puniko mboten kenal namine kahanan. Artosipun wonten kahanan punopo ke mawon, ingkang namine ngabdi dumateng Alloh SWT mboten kengeng luntur utowo pudar lan lemah. Keranten sedoyo puniko bakal ndugeake karidhanan Alloh SWT. Menawi sawijining kawulo puniko sampun angsal karidhanan Alloh SWT, mulo uripe bakal anteng tur seneng, keranten sajatine deweke iku urip bebarengan Alloh SWT. Katah sanget profil saking poro shohabat Rodiyalloohu ‘anhum ingkang piyambakipun sami berjuang ngedegake syiar2ipun Agami, awit saking lingkup keluargo ngantos pemerintahan. Sahinggo kanti sedoyo wau mboten sekedik saking poro shohabat ugi ingkang nemu pinten2 cubo lan ujian saking Alloh SWT nanging dipun terampi kanti ikhlas lan ridho dumateng putusanipun Alloh SWT. Bilal bin robah dipun tindih watu ageng wonten panas terik serngenge sakperlu nderek piwulang Rosululloh SAW, ugi Khubaib bin Adi ingkang dipun salib lan manggihi ajal kesyahidan wonten salib keranten saweg mengemban tugas Rosulillaah SAW. Anas bin Malik, ndugeaken kabektian dumateng ibunipun kanti dados pelayan Rosululloh SAW awit umur 10 th. Barro’ bin Malik, sederekipun Anas bin Malik, ugi nderek piwulang Rosululloh SAW ngantos dumuginipun kesyahidan wonten perang Yamamah ingkang dipun angen2aken dumateng piyambake kanti semboyan “Alloh lan Suwargo”. Meniko sekedik profil saking poro shohabat, lan taseh katah engkang sanes. Sahinggo Alloh piyambak wonten Alqur’an ingkang dados seksi bilih sedoyo shohabat Rosululloh SAW puniko pikantuk predikat Rodhiyallohu ‘anhum wa rodhuu ‘anh : Alloh ridho dumateng piyambake kabeh lan piyambake kabeh ridho dumateng Alloh.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Ulama tafsir ndawuhake bilih mboten wonten kani’matan lan kanugrahan langgeng ingkang dipun diparingake Alloh SWT ingkang langkung inggil tinimbang “karidhanan Alloh SWT”
Mugi kulo panjenengan sami saged angsal karidhanan saking Alloh SWT, sahinggo saged nemu kabekjanan wonten alam dunyo ngantos akhirat amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Saksampunipun piwulang Ridho marang putusan Alloh SWT, Islam ugi paring piwulang supados kulo panjenengan senantiasa syukur dumateng sedoyo kani’matan saking Alloh SWT. Syukur kanti kulo panjenengan berusaha ngrumangsani bilih sedoyo kani’matan puniko mboten 100% usaha kulo panjenengan. Ananging kuasanipun Alloh SWT, sahinggo kanti sedoyo wau kito saged nindaake kewajiban2 ingkang wonten kaitane kaleh kani’matan ingkang katrampi. Saking sikap syukur puniko, kito saged terhindar saking sifat2 ingkang awon : arupi Gumede, Kikir, Pengen menang piyambak, Angkuh, Drengki, Ngersulo lan sakpanunggalipun. Keranten sikap syukur kolowau sekedik katah saged nggered supados mboten ngrumangsani awake piyambak. Balik sikap syukur puniko nuntun kulo panjenengan sami, hususipun nuntun manah supados netepi kesahenan2. Milo leres dawuhipun Alloh SWT :
….لَئِن شَكَرْتُمْ لأَزِيدَنَّكُمْ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ -٧-
Saktemene naliko syukur kowe kabeh, yekti bakal Ingsun tambah (kani’matan), lan naliko Kufur siro kabeh, saktemene siksoKu sanget larane (Q.S Ibrohim : 7)
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Kekaleh piwulang Islam ingkang dipun wasiyatake Sayyidina Ali wonten nginggil kolowau, saestu sanget berharga menggahing kulo panjenengan sami, milo monggo sesarengan sami nindaake piwulang meniko sarono Iman lan ndepe2 wonten ngarsanipun Alloh SWT. Wonten pundike mawon papan panggenan kito, wonten wekdal kapanke mawon meniko lan wonten kahanan punopoke mawon. Langkung2 naliko kulo panjenengan pinanggih kalian papan panggenan ingkang dipun  remeni kalian Alloh SWT kados dene Masjid, naliko pinanggih wekdal ingkang dipun remeni Alloh SWT kados dene dinten Jum’ah, wekdal sepertiga dalu, sasi Romadhon lan sakpanunggalipun, monggo sesarengan dipun tambah anggenipun kito nindaake wasiyat utawi piwulang meniko. Sebab kapan maleh kito saged angsal tambahing kesahenan katah saking Alloh SWT sakliyane wonten papan panggenan lan wekdal ingkang dipun remeni Alloh SWT.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Mugi sekedik khutbah siang puniko saged tambahing Ilmu lan wawasan Islam kulo panjenengan sami, lan mugi saged dados semangat kulo panjenengan sami kangge ngisi dinten2 wonten alam dunyo meniko kanti kesemangatan ngabekti dumateng Alloh SWT lan Rosululloh SAW. Sahinggo mugi saged saestu pikantuk karidhanan Alloh SWT. Amin Ya Robbal ‘Alamin.
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم

0 komentar:

Posting Komentar