Kamis, 04 Januari 2018

MIN WASHOYA SAYYIDINA ‘ALI KWJ (01. TAQWALLOH)

الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang minulyo
Sepindah kulo ngaturaken wasiyat Taqwalloh (Taqwo dumateng Alloh) ateges nindaake sedoyo perintah Alloh lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi kanti taqwo meniko kito saged angsal perkawis ingkang sampun dipun janjiaken Alloh SWT arupi suwargi ingkang kebak kelawan ni’mat saking Alloh SWT Amin Ya Robbal ‘alamin.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Imam ‘Ali bin Abi Tholib Karromalloohu Wajhah dawuh dumateng salah setunggaling Putranipun :
أوصيك يابني :
1.                        بتقوى الله تعالى في الغيب والشهادة
2.                        وبكلمة الحق في الرضا والغضب
3.                        وبالقصد في الغنى والفقر
4.                        وبالعدل مع الصديق والعدوّ
5.                        وبالعمل في النشاط والكسل
6.                        وبالرضا والشكر لله في الشدة والرخاء
Ingsun wasiat marang sliramu hai anakku :
1.    Kelawan Taqwo utowo wedi marang Alloh ingdalem kahanan sepi lan rame
2.    ngaturake kalimat kang haq (kalimat kang bener) ingdalem kahanan seneng lan bendu
3.    urip kanti sedeng, jejeg anteng ingdalem kahanan sugih lan faqir
4.    netepi agawe adil marang konco lan musuh
5.    netepi ngamal ingdalem kahanan sregep lan males
6.    Ridho nriman lan Syukur marang Alloh ingdalem kahanan susah lan seneng
Puniko 6 wasiyat Sayyidaina Ali ingkang dipun wasiyataken dumateng putranipun.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Kito sampun mangertosi sesarengan bilih Kutonipun ilmu puniko Sayyiduna Muhammadun SAW lan lawangipun ilmu puniko Sayyidina Ali KWJ. Ateges punopo ingkang dipun aturaken piyambakipun Sayyidina Ali puniko kito ugi tansah kaaturaken sanget saged nderek ngamalaken wonten gesang kulo panjenengan sami. 6 wasiyat Sayyidina Ali puniko, wasiyat ingkang Agung, ingkang jero ma’nanipun, sedoyo kapundut saking Dawuh2ipun Alloh SWT lan dawuhipun Rosululloh SAW. Wasiyat puniko saged nguwataken kaimanan kito, saged ngresiki ati saking pinten2 keawonan, Jejegaken umat Islam kelawan pinten2 kanugrahan lan kejagi sangking kekhiyanatan sahinggo InsyaAlloh kanti nglampahi wasiyat puniko umat Islam mboten cacat aqidah ipun.
Wasiyat ingkang sepindah poro hadirin inggih puniko :
تقوى الله تعالى في الغيب والشهادة
Taqwo utowo wedi marang Alloh ingdalem kahanan sepi lan rame
Cekak aosipun Taqwo puniko poro hadirin, inggih puniko njagi awak saking perkawis ingkang saged ndadosaken duso lan siksanipun Alloh SWT, kanti nindaaken sedoyo ingkang dipun perintah dening syara’ lan ngedohi sedoyo ingkang dipun awisi dening syara’ ugi.
Setengah saking coro kangge kito ngelampahi Taqwalloh puniko poro hadirin, poro Ulama ndawuhaken bilih taqwo puniko dereng sampurno kejawi bilih disarengi / dikawiti kalian :
1.    Yakin kelawan hukum2ipun Alloh SWT, nopo niku arupi perintah utawi larangan
Artosipun manah kito kedah mantep mboten ragu kalih sedoyo ingkang sampun dados hukumipun Alloh SWT, awit saking perkawis ingkang ketingal alit dumugi ingkang ketingal ageng lan abot. Kejawi saking puniko kito kedah ngeyakini kelawan estu ugi bilih Alloh sampun nyawisake pinten2 kani’matan lan ganjaran ingkang agung kangge sintenke mawon kawulanipun ingkang ta’at lan nyawisake sikso marang kawulo ingkan ma’shiyat. Yakin kelawan suwargi lan nerakanipun Alloh SWT.
Naliko keyakinan meniko sampun manteb, milo kaimanan wonten ing manah ugi bakal kuat, mboten bakal goyah kaleh kemamangan2 ingkang dumugi, sahinggo piyambake bakal tunduk kelawa sedoyo hukumipun Alloh SWT.
2.    Pasrah kelawan putusanipun Alloh SWT, putusan ingkang ngremeni ing manah utawi mboten ngremeni ing manah, amergi sedoyo putusan ingkang sampun dipun putusaken dening Alloh SWT meniko putusan ingkang sahe kangge kito, Alloh ingkang langkung mangertosi dumateng kahanan kawulanipun. Milo leres bilih sintenke mawon ingkang Pasrah Alloh bakal nyekapi sedayanipun.
ومن يتوكل على الله فهو حسبه
3.    Kandeg utawi mboten ngliwati bates2 ingkang sampun dipun garis dening Alloh SWT. Tegesipun kito tansah lurus wonten ing merginipun Alloh SWT, mboten doyong kiwo utowo tengen namung keranten pengaruh dunyo, rencang utawi musuh.
4.    Shidqul ‘Ubuudiyyah, Ngabdi marang Alloh kanti leres, nopo anane. Ngabdi kanti ngorbanaken jiwo lan rogo ananging mboten memperberat diri, khususipun naliko piyambake manggihi kekirangan wonten ing awakipun. Alloh langkung remen kawulo ingkang ngabdi ngibadah sekedik nanging istiqomah katimbang katah mboten istiqomah.
5.    Ikhlas ingdalem ngabdi marang Alloh SWT. Ngabdi puniko werni2 lan katah macemipun. Ngabdi ingkang wajib saben dinten puniko arupi Sholat 5 wekdal, ngabdi seminggu sepindah inggih puniko Sholat Jum’ah kangge tiang jaler, ngabdi Puoso Romadhon, Zakat lan Haji maring Baitulloh. Kejawi saking niku ugi wonten ngabdi ingkang Sunnah ingkang sanget dipun amrih kangge kito nglampahi, antawisipun Poso Senen Kemis, Shodaqoh, Nulung konco, Mbelo kamulyaning Agami Islam, pitutur ingkang bagus, mulang ngaji lan toto kromo putra-putrinipun, ngelih paku saking mergi ngantos dumugi sumeh lan mesem marang kancane, puniko sedoyo bentuk pengabdian marang Alloh SWT. Lan Alloh bakal paring ganjaran ageng menawi purun nglampahi sedoyo puniko kanti manah ingkang ikhlas.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
5 coro punikolah ingkang sampun dipun contohaken dening poro Ulama’. Menawi 5 coro puniko dipun lampahi, milo tiyang puniko bakal angsal kesahenan lan janji2nipun Alloh SWT wonten ing dunyo lan akhiroh, keranten katah sanget kesahenan lan janji Alloh ingkang kasebat wonten AlQur’an lan Hadisipun Rosulillah SAW ingkang bade dipun paringaken dumateng kawulo ingkang Taqwalloh puniko. Rosululloh dawuh ingdalem Haji terakhiripun :
اتقوا الله وصلّوا خمسكم وصوموا شهركم و أدّوا زكاة أموالكم وأطيعوا ما أمركم به تدخلوا جنة ربكم
Podo Wedi lan Taqwao siro marang Alloh, Sholato 5 wektu, Posoo ing Wulanmu (Romadhon), tekanono Zakat bondo iro, lan Ta’ato marang perkoro kang diperintah siro, moko bakal mlebu siro ing Suwargo Pengeran iro.
Jama’ah Jum’at ingkang minulyo hafidzokumulloh
Mugi kito tansah pinaringan kekiatan saged nglampahi 5 coro kangge nglampahi Wasiyat ingkang sepindah arupi Taqwalloh puniko. Amin2 Ya Robbal ‘Alamin
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السمسع العليم

0 komentar:

Posting Komentar