Kamis, 13 Juli 2017

ISHLAAHUL QOLBI



الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩- الانفال
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipun mulyaaken dening Alloh Subhanahu wa Ta’ala langkung rumiyen monggo kito tansah ambagusi anggenipun kito nglampahi wasiyat Taqwalloh, inggih meniko kelawan ikhlas nglampahi perkawis ingkang dipun ridhani Alloh lan nebihi perkawis ingkang mboten dipun ridhani dening Alloh. Mugi-mugi lantaran kito tansah nglampahi estu wasiyat Alloh meniko kito dipun dadosaken kalian Alloh termasuk golongan ingkang nerampi warisan Alloh arupi Suwargo wonten ing akhirat Amin ya Robbal ‘Alamin.
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Gesang wonten ing dunyo meniko, ten pundi ke mawon papan panggenanipun, sedoyo ingkang andadosaken betah lan kraos inggih puniko menawi manah lan batin kulo panjenengan sami tenang. Lan ketenangan manah kulo panjenengan sami namung saged karaosake naliko kito manut dumateng Alloh SWT lan Rosulipun, keranten tiang ingkang angsal ketenangan batin meniko piyambake dipun perhatosaken kalian Alloh SWT. Termasuk wonten gesang meniko monggo kito tansah mbeneri manah kito kanti mbeneraken pengucap kelawan amal, mbeneraken amal kelawan niat lan ikhlas lan mbeneri niat lan ikhlas kelawan mbersihi manah, keranten nopo? Mboten sanes keranten manah meniko dados sumber lan poko’ipun sedoyo pendamel. Gusti Rosul dawuh :
الا ان في الجسد مضغة اذا صلحت صلح سائر الجسد واذا فسدت فسد سائر الجسد الا وهي القلب
Saktemene ono ing jerone jasad iku ono sekerat daging, naliko daging iku apik moko apik sekarine jasad lan naliko daging iku rusak moko rusak sekarine jasad, ilingo daging iku yoiku ati
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Milo wajib tumraping kito tiyang Islam saksampunipun mangertosi hadis puniko, nemen-nemeni lan ngerahaken sedoyo perhatosan kangge mbeneri, mbagusi lan njejegaken manah kito. Ampun ngantos manah kito kebak kelawan perkawis awon, lan ampun ngantos manah kito karebut dening tipu dayanipun syetan ingkang mboten mantun-mantun angsalipun nggudo kulo panjenengan. Milo wonten pundi mawon papan panggenan kito lan wonten wekdal kapan mawon monggo kito jogo kelawan estu manah kito, kito usaha ngebaki kelawan kesahenan-kesahenan, supados sedoyo ingkang bade lumampah saking awak kito kalebet amalan sahe ingkang dipun remeni Alloh SWT lan sedoyo makhluqipun.
Poro Ulama ndawuhake, kengeng nopo manah meniko di arani “Al Qolbu” ingkang artosipun bolak-balik ? mboten sanes keranten “li taqollubiha” inggih puniko artosipun keranten sifate manah ingkang mbolak-mbalik.
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Entene manah ingkang nggadahi sifat mbolak-mbalik meniko, kejawi kito njogo ngebaki kelawan kesahenan, kito ugi kedah ngatah-ngatahi nyuwun dumateng Alloh SWT supados manah kito dipun tetepaken ingatase agami Islam. Sahinggo ndadosaken kito mbenjang saged sowan Alloh kelawan netepi Agaminipun, Ing mriki Gusti Rosul ugi sampun paring teladan wonten do’anipun :
يا مقلب القلوب ثبت قلبي على دينك
Duh Gusti ingkang mbolak-mbalik aken manah, mugi panjenengan tetepaken manah kulo ingatase Agami Panjenengan
Gusti Alloh piyambak wonten Al Qur’an nyriosaken panyuwunipun Nabi Ibrohin AS :
..ولا تخزني يوم يبعثون, يوم لا ينفع مال ولا بنون الا من اتى الله بقلب سليم
..lan mugi ampun paring susah Panjenengan dumeteng kulo ing dinten manungso dipun bangkitaken. Inggih puniko dinten ingkang bondo lan anak turun mboten saged manfa’ati kejawi tiang ingkang sowan marang Alloh kelawan manah ingkang selamet
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Manah ingkang salim inggih meniko manah ingkang selamet sangking lelampahan syirik, nifaq utawi munafiq, bid’ah utawi nyembah Alloh tanpo ilmu ingkang bener lan selamet saking akhlaq ingkang awon kados dene sombong, pamer, drengki, nggunjing marang sami tiang islam lan sakpanunggalipun.
Keranten sedoyo wau mboten ndadosaken manah ingkang salim nanging malah ndadosaken manah ingkang atos ingkang mboten saged katrampi dening Alloh SWT. Sahinggo Alloh SWT nyifati kawulanipun sholeh ingkang tumancep ingdalem ilmu agami kelawan kawulo ingkang sabar, kawulo ingkang seneng nyuwun pitulung dumateng Alloh lan kawulo ingkang semangat anggenipun piyambake mbagusi manahipun. Milo wonten do’anipun, kawulo sholeh puniko tansah nyuwun dumateng Alloh supados manahipun mboten dicabut sangking hidayah lan tansah pinaringan Rohmat.
ربنا لا تزغ قلوبنا بعد اذ هديتنا وهب لنا من لدنك رحمة انك انت الوهاب
Duh Pengeran kulo, mugi ampun nyabut Panjenengan dumateng ati kulo sak sampunipun paring pitedah Panjenengan ing kulo lan mugi paring rohmat Panjengan ing kulo, setuhune Panjenengan estu Dzat ingkang katah peparinganipun.
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Mugi kelawan pangertosan meniko kito saged tansah langkung nemeni njagi manah kito saking perkawis ingkang saged ngatosake manah tumuju marang manah ingkang salim. Amiin ya robbal ‘alamin.
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم

0 komentar:

Posting Komentar