Kamis, 13 Juli 2017

WA BIL ISLAAMI DIINAA


الحمد لله الذي هدانا لهذا وما كنا لنهتدي لولا ان هدانا الله. اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له, وا شهد ان محمدا عبده ورسوله. اللهم صل على نور الأنوار وسر الأسرار وترياق الأغيار ومفتاح باب اليسار سيدنا محمد المختار واله الأطهار واصحابه الأخيار عدد نعم الله وإفضاله اما بعد : فيا أيها المؤمنون... أوصيكم ونفسي بتقوى الله.. فقد فاز المتقون..
قال الله تعالى : يِا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ إَن تَتَّقُواْ اللّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَاناً وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ وَاللّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ -٢٩-    الانفال
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipun mulyaaken dening Alloh Subhanahu wa Ta’ala langkung rumiyen monggo kito tansah ambagusi anggenipun kito nglampahi wasiyat Taqwalloh, inggih meniko kelawan ikhlas nglampahi perkawis ingkang dipun ridhani Alloh lan nebihi perkawis ingkang mboten dipun ridhani dening Alloh. Mugi-mugi lantaran kito tansah nglampahi estu wasiyat Alloh meniko kito dipun dadosaken kalian Alloh termasuk golongan ingkang nerampi warisan Alloh arupi Suwargo wonten ing akhirat Amin ya Robbal ‘Alamin.
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Saksampunipun kito ridho lan ngeyakini estu bilih Alloh dados dzat ingkang wajib kito sembah lan sedoyo perintahipun wajib kito lampahi. Milo kito ugi kedah yakin estu bilih sedoyo ajaran ingkang dipun beto dening kanjeng Nabi Muhammad SAW meniko leres, mboten wonten cacatipun lan cocok marang sedoyo mongso. Sebab kanjeng Nabi meniko ingkang dados rosulipun lan ingkang nyampeaken dumateng kulo panjenengan sami sedoyo syari’atipun Alloh SWT. Ingkang ing ngriki sedoyo syari’at meniko saget kito mangertosi sesarengan wonten lebeting agami ingkang kito ridhoi inggih puniko agami Islam.
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Islam meniko agami ingkang dipun ridhani kalian Alloh SWT, ingkang pundi sedoyo ajaranipun dipun perjuangaken kanjeng nabi dangunipun 23 tahun. Kelawan mongso 23 tahun meniko Alloh dadosaken Islam sumebyar wonten sedoyo papan panggenan ing ngalam dunyo meniko. Wonten Al Qur’an Alloh SWT nyebataken :
ان الدين عند الله الإسلام
“saktemene agami ingkang katrampi Alloh meniko Islam....”
Sangking mriki sampun jelas bilih ayat meniko kabar saking Alloh SWT menawi agami ingkang katrampi menggahipun Alloh meniko Islam lan mboten nerampi liyane Islam. Ingkang pundi ajaran agami Islam meniko ajaran ingkang dipun ajaraken kalean poro rosul, awit saking Nabiyulloh Adam AS ngantos Nabi Pungkasan Muhammad SAW.
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Minongko bagian saking umat Islam monggo kito sareng-sareng jagi lan ngagungake sedoyo ingkang dados syi’aripun agami Islam. Masjid lan Musholla kito rameaken kelawan sholat jama’ah 5 wekdal. Al Qur’an ingkang dados kitab lan panutan kito monggo dipun langgengaken anggenipun kito maos lan melajari. Putro wayah kito monggo kito wulang kelawan nilai-nilai sahe ajaran agami Islam. Kempalan dzikir lan majlis ilmu monggo kito dugeni lan kito semarakaken kangge ngudi barokah lan nepung ing sanak famili tiang islam. Lan sakpanunggalipun. Sedoyo meniko supados kito tambah dinten tambah kuat keimanan lan keistiqomahan kito, sahinggo Islam bener2 tumancep wonten jiwo kito.
Sanes saking meniko kito ugi kedah ngraos bungah tur remen dipun sarengi syukur dumateng Alloh SWT, bilih punopo kito Alhamdulillah kaparingan hidayah saking Alloh SWT kelawan ngeyakini agami Islam meniko. Mboten sekedik tiyang ingkang nggadeaken agaminipun kelawan perkawis dunyo lan mboten sekedik ugi tiyang ingkang niya2aken hidayah Alloh meniko hinggo piyambake mboten purun nglampahi syari’atipun Alloh SWT Na’udzu billah tsumma ns’udzu billah
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Milo monggo kito ramut hidayah saking Alloh meniko, ampun ngantos hidayah meniko dipun cabut maleh kalean Alloh lan ampun ngantos Islam meniko ical saking jiwo kito. Keranten Islam meniko dados bukti yen kapan kulo panjenengan Iman dumateng Alloh SWT lan Rosululloh SAW kelawan ikrar kito Asyhadu allaa ilaaha illallooh wa Asyhahu anna muhammadar Rosuulullooh. Ngantos keranten saking pentinge hidayah “agami Islam” meniko kito dipun tuntun lan dipun contohi kalean poro salafu sholeh supados do’a Alloohumma tawaffanaa muslimiin wa alhiqnaa bis shoolihiin Duh Alloh mugi panjenengan pejahaken kulo mbeto agami Islam lan mugi panjenengan pertemuaken kulo kalean tiang2 sholeh. Meniko do’a sanget dipun anjuraken kalean poro ulama. Wonten Al Qur’an Alloh SWT ugi dawuh
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ -١٠٢-
Hai wong-wong akeh kan podo iman, Taqwo’o sliramu kabeh marang Alloh kelawan bener2 taqwo. Lan temen ojo mati sliramu kabeh kejobo sliramu netepi agami Islam (Ali Imron 102)
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Selajengipun kito kedah hormat dumateng sedoyo tiyang Islam, wonten pundike mawon panggenan lan kados nopo ke mawon rupine. Kito kedah saling hormat-menghormati, mboten angsal saling padu tur sengit2an, mboten angsal ngraos menang piambak, selami kito seiman, kito wajib njagi setunggal lan setunggalipun, wajib saling memperhatosaken lan sakpanunggalipun. Ananging kito ugi kedah ngraos sengit dumateng sinten ke mawon ingkang ngrusak Islam, ingkang ngrusak syi’ar2 Islam, ingkang ngrusak ajaran2 Islam. Lewat pundi ke mawon. Kito wajib ngalang2i sedoyo perkawis ingkang saged ngrusak agami kito meniko.
Ingkang terakhir :
Al Habib Abdulloh Alawi Al Haddad dawuh : lan tiang ingkang ridho kelawan Islam dados agaminipun moko piyambake sampun mesti bakal ngegungake sedoyo kemulyaan lan ingkang dados syi’aripun Islam. Kapeng kaleh piyambake mesti bakal temen2 lan semangat anggenipun pados pangertosan lan ngamal kebagusan kangge nguataken lan nambahi keyakinan lan keistiqomahan wonten Islamipun. Piyambake ugi mesti nggadahi raos bungah tur remen kelawan Islamipun lan khawatir sanget menawi Islamipun kacabut. Marang sedoyo umat Islam piyambake hormat lan marang sedoyo ingkang kufur piyampake sengit lan ngadohi.
Hadirin jama’ah jum’ah Hafidzokumulloh
Mugi kulo panjenengan sami pinaringan kuat Iman lan Islam saking Alloh SWT, sahinggo mbenjang kito sowan wonten ngarsanipun Alloh SWT kanti mbeto Iman lan Islam lan kalebet tiang ingkang slamet dunyo akhirat Amin Ya Robbal ‘Alamin
وَالْعَصْرِ -١- إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ -٢- إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ -٣-
بارك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات وذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السمسع العليم

0 komentar:

Posting Komentar